Senin, 07 Juli 2014

SAPTA ARGA ING DIENG

Kacarita ing negri Astina, jumeneng sawijining Nata sing adhil lan wicaksana katelah Prabu Santanu. Panjenengane nganakake upacara sesaji Raja Suya kaping satus lan sesaji Acwamedha kaping sewu supaya Kraton Astina tansah gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja tanpa durjana. Sesaji kasebut katujokake marang Dewa. Mila, Raja Gung Binathara Santanu sowan ing kahyangan panggonane Dewa-Dewi.
            “ Kula ingkang sowan! “
            “ Oh Santanu daktampa bektimu. “
Santanu banjur ngaturake sesaji marang para Dewa dikantheni para Dewi ing Kahyangan. Nalika Santanu lagi ngaturake sesaji, dumadakan jarike Dewi Gangga kasingkap. Kabeh sing rawuh ana ing kana ndhingkluk manungku pujabrata, tan kumawani namatake pupune Dewi Gangga ing suwalike jarik sing kasingkap iku. Seje karo Prabu Santanu sing katon ndhilek namatake Dewi Gangga kesengsem. Kadadeyan iku gawe wirange Dewi Gangga lan dukane Bathara Brahma. Banjur panjenengane ngesotake Prabu Santanu lan Dewi Gangga mudhun tumuju Madyapada utawa bumi.
            “ Santanu, dene sira tansah kumawani mirsani apa kang kudune ora mbokpirsani? Kaya ngono kuwi ora pantes tumrap para satriya. Wis muntap dukaku, mila sira bakal daksotake. Sira ora bakal bisa munggah maring Kahyangan! “
           
“ Sira uga Gangga. Minangka wanita, tumindakmu dakanggep kurang ngati-ati, mirangake Kahyangan. Sira bakal daksotake marang Madyapada. “
            “ Nyuwun pangapunten pikulun, kula tansah lepat. Nanging menapa sot paduka saged dipunicali? “
          “ Sot sing wis kadung dakucapake ora bakal bisa diilangi. Nanging sira isih bisa bali menyang Kahyangan kene kanthi sarat, sira wong loro ora kagodha dening kabeh dayaning donya. “
           Dewa-dewi Kahyangan iku banjur mudhun tumuju ing Madyapada. Nanging kekarone ora bareng anggone lumampah. Prabu Santanu mudhun luwih ndhisik katimbang Dewi Gangga.
       Sawise Prabu Santanu mudhun, Dewi Gangga uga banjur tindak tumuju Madyapada. Nanging ing dalan, panjenengane kepethuk wasu sing cacahe wolu, wasu-wasu iku katelah astabasu. Sang astabasu mau uga disotake dening Resi Wasistha.
          “ Dewi, menapa panjenengan badhe tindak wonten Madyapada? “
          “ Iya ora luput. Sapa kowe lan apa perlumu dene ngendhekake lakuku? “
        “ Kula lan kadang-kadang kula menika wasu ingkang ugi disotake dening Resi Wasistha. Nanging kula boten kepengin menawi kedangon wonten donya. Mila, kersaa panjenengan nulungi kula, Dewi. “
          “ Sejatine apa sing ndadekake murkane Resi Wasistha nganti ngesotake sira lan kadang-kadangmu? “
Sang Astabasu kagungan garwa sing banget ditresnani. Nalika semana, garwane Sang Astabasu kepengin marang sapine Resi Wasistha aran sapi Nandhini. Sapi kasebut bisa ndadekake sapa wae awet enom. Garwane Sang Astabasu kepengin ngaturake sapi kasebut kanggo kanca rakete. Sapi Nandhini iku tumpakane Resi Wasistha lan minangka sapi sing banget diayomi dening Sang Resi.
Pirang-pirang cara dipikirake dening Sang Astabasu kanggo nuruti karepe kang garwa. Yen kanthi cara nembung marang Resi Wasistha mesthi wae ora bakal diidini. Banjur kepriye anggone Sang Astabasu oleh sapi Nandhini iku. Sang Astabasu banjur duwe cara yaiku kanthi njupuk Sapi Nandhini saka kandhange nalika Resi Wasistha tindak.
Rencana iku dilakoni tenan dening Sang Astabasu. Nalika Resi Wasistha tindak lan sapi nandhini ditinggal ana kandhange, salah sawijining Astabasu mlebu lan njupuk sapi Nandhini. Kaya ngapa muntabe Resi Wasistha nalika ngonangi sapi Nandhini ora ana ing kandhange.
         “ Ning ngendi parakke sapi Nandhini? Sapa sing wani nyolong sapi Nandhini? “ Sang Resi Wasistha banjur ngetokake aji-aji kanggo mangerteni kedadeyan sing njalari ilange sapi Nandhini. Saka kasektene Sang Resi kasebut banjur konangan yen Astabasu sing wis nyolong sapi Nandhini kagungan Resi Wasistha.
       “ Astabasu, geneya tumindakmu kaya mangkono? Kaya ngono kuwi tumindak sing ora trep tumraping Dewa! “
       “ Nyuwun pangapunten Resi, awit garwa kula saweg nyidam kalihan sapi Nandhini menika. Lajeng kula boten gadhah cara kangge nuruti kekarepanipun garwa kula. “
         “ Wis ora bisa dakapura luputmu, mila saiki kowe kabeh daksotake ing donya. “
     “ Pangapunten Resi, nanging kula sakadang sampun ngakeni kaluputan, menapa kula sakadang saged wangsul malih dhateng Kahyangan? “
        “ Sang Astabasu, sira sakadang bisa kondur menyang Kahyangan maneh, kejaba Sang Wasu kawolu Dyahu amarga panjenengane wis kumawani mlebu marang kandhange sapi Nandhini lan dadi dhalange rencana ala iki! “
Dewi Gangga katon manggut-manggut sawise mangerteni jalaran sing ndadekake Sang Astabasu disotake menyang Madyapada kaya dene panjenengangane.
          “ Banjur apa sing bisa daklakokake kanggo nulungi sira kabeh? “
        “ Kersaa panjenengan nglairaken kula sakadang. Nanging menawi sampun lair lajeng kula aturi nglarung wonten kali suci supados kula sakadang saged wangsul dhateng Kahyangan. “
        “ Ya, aku bakal nglairake sira kabeh banjur daklarung ing kali suci. Mila nitisa ing guwa garbaku siji mbaka siji. “ mangkono ngendikane Dewi Gangga banjur nerusake lakune.
Prabu Santanu lagi mbebedhak ing sawijining wana. Wis suwe anggone ngincer mangsane, nanging durung ana  sing nyanthel ing panahe. Banjur panjenengane leren ing papan sing ora adoh saka kali suci. Dumadakan panjenengane ngrasakake mambu wangi.
        “ Wangi iku kaya-kaya saka kali sing ana ing suwalike wit-witan kuwi “ Prabu Santanu rumangsa kepengin ngerti apa sejatine sing njalari mambu wangi iku. Panjenengane banjur mlaku tumuju sumbering wangi iku. Kaya ngapa kagete nalika panjenengane pirsa ana sawijining wanita sulistya ing warna lagi adus ana kali kana.
Prabu Santanu ora kuwawa nahan kekarepane kanggo nggarwa wanita iku amarga panjenengane wis kasengsem marang dheweke nalika pisanan panjenengane mirsani weweging sarirane lan sulistyeng warnane.
         “ Sapa sejatine sliramu dhuh wong ayu? “
         “ Kula menika Gangga, paduka. “
     “ O Gangga, aku tansah kasirep ayumu, kemantil-mantil marang solah bawamu, lan aku tan kuwawa ngendhekake rasaku marang sliramu cah ayu. “
         “ Sapa wae aranmu lan saka ngendi wae paranmu, gelema dadi bojoku ya wong manis? “
         “ Menapa paduka saestu kalihan ingkang sampun dipunngendikakaken? “
         “ Aku temenan cah ayu.Gelema sliramu nampa katresnanku kanthi telenging manah!“
       “ Paduka, kula kersa nampi katresnan panjenengan nanging kanthi sarat. Menawi paduka rumaos kawratan kalihan sarat menika sumangga pados wanita sanes kemawon. “
        “ Apa wae sarate bakal daklakoni. Age matura! “
        “ Kula kersa dados garwa panjenengan, nanging kula suwun panjenengan boten menggak sedaya tumindak ingkang kula lampahi sanajan menika kirang sae miturut panjenengan. Kados pundi paduka ? “
    Prabu Santanu wis gandrung marang Dewi Gangga lan ora bisa nolak kabeh kekarepane. Banjur panjenengane ngendika yen sarujuk karo sarat sing dijaluk dening Dewi Gangga. Dewi Gangga diboyong ing Kraton Astina lan didadekake prameswari. Kekarone urip bebrayan tansah atut runtut.
Kaya dene manungsa liya, wis mangsane Dewi Gangga ngandhut. Kaya ngapa bungahe Prabu Santanu nalika mangerteni garwane lagi ngandhut putrane. Prabu Santanu wis nyiapake putrane mengko supaya dadi Nata ngganteni tahtane. Nanging kekarepan iku tansah dipupusake dening Dewi Gangga. Saben panjenengane nggarbini lan nglairake, putrane mesthi dilarung ana ing kali suci papan pepanggihane karo Prabu Santanu.
Prabu Santanu tansah bingung marang tumindake garwane. Dene dheweke tega nglarung putrane dhewe. Sejatine apa sing dadi jalarane dheweke nglarung putra-putrane. Nalika Dewi Gangga arep nglarung putrane sing kawolu, Prabu Santanu wis ora bisa nahan dukane marang Dewi Gangga. Panjenengane banjur menggak tumindake Sang Dewi.
            “ Diajeng, dene tumindakmu kaya mangkono? Apa salahe putra-putramu nganti mbok larung saben putramu lair? “
            “ Kangmas, bayi-bayi menika sejatosipun titisan Sang Astabasu ingkang dipunsotaken dening Resi Wasistha. Sang Astabasu boten kepengin dangu wonten donya lajeng panjenenganipun sami nitis wonten guwa garba kula lan menawi lair kedah kula larung wonten kali suci menika supados Sang Astabasu saged kondur dhateng Kahyangan. Sedaya kala wau kula lampahi minangka bekti kula dhumateng para Dewa.“
            “ Menika wancinipun kula ugi kedah wangsul dhateng Kahyangan amargi panjenengan sampun mblenjani janji. Putra paduka ingkang kawolu boten badhe kula larung, nanging badhe kula upakara. Mangke menawi sampun dhiwasa badhe kula aturaken dhumateng paduka, kersane dados Nata ngganteni paduka. Bayi menika kula paringi asma Dewa Brata. Kula pamit! “
            “ Diajeng, apa ora ana dalan liyane kajaba bali menyang Kahyangan? Yen sliramu ninggalake aku, banjur kepiye olehku nglakoni urip iki ? “
            “ Pangapunten Kangmas. Panjenengan rumiyin sampun janji nanging sakniki sampun dipunblenjani, mila kula boten saged nuruti kersa paduka. “ mangkono Dewi Gangga banjur moksa.
Sakwise bali ing Kahyangan lan kasil nglairake Sang Astabasu, Dewi Gangga diparingi penghormatan saka Dewata yaiku Manik Mawa Retna sing kasimpen ing dhasaring telaga. Manik Mawa Retna tegese kanthi sinoroting cahya lan nggambarake papat kiblat lima pancer.
Sakwise ditinggal Dewi Gangga, Prabu Santanu tansah nandhang dhuhkita amarga ora ana sing ngancani maneh. Dina-dinane mung tansah nelangsa amarga ditinggal garwa lan putrane. Panjenengane banjur ndonga marang Sang Hyang Widhi supaya dibalekake kabagyane kaya nalika dhek semana.
            “ Dhuh Gusti, kula sampun boten kiyat kalihan panandhang menika. Kersaa panjenengan wangsulaken putra kula supados saged dados kanca ing donya! “ mangkono pandongane Sang Prabu.
Donga kasebut dimirengake lan kabul. Ora let suwe, dumadakan ana bocah lanang sing ngadeg ing watu bunder ing tengahing kali suci sing dinggo nglarung Sang Astabasu. Prabu Santanu banjur kelingan lan mangerteni yen bocah lanang iku putrane sing kawolu, Dewa Brata. Kaya ngapa bungahe Prabu Santanu nalika kapethuk maneh karo putrane. Bocah lanang kuwi pancen putrane karo Dewi Gangga. Dewi Gangga netepi janjine yen bakal  mbalekake Dewa Brata mring donya. Saploke ning Kahyangan Dewa Brata wis diajari seni perang uga wis sinau babagan Weda lan Wedanta marang Resi Wasistha. Suk panjenengane bakal dadi pemanah kang misuwur lan panguwasa gedhe. Kaya ngapa bungahe Santanu nalika kapethuk dening putrane. Dewa Brata banjur kajumenengake dadi Putra Mahkota sing bakal marisi tahtane Santanu dadi Raja ing Astina.
Sawijining dina, Prabu Santanu mbebedhak ana ing wana, amarga kesel panjenengane banjur leren ing sangisoring wit Purwa Kucila ing salah sijining puncak Sapta Arga. Panjenengane banjur kepethuk randha ayu sing wis nggondhol atine aran Dewi Setyowati. Panjenengane sing wis suwe ditinggal dening garwane, banjur duwe niyatan kanggo nggarwa Dewi Setyowati.
            “ Sapa sejatine sliramu wong ayu? “ mangkono Prabu Santanu mbuka guneman karo Dewi Setyowati.
            “ Kula Setyowati, bekas garwanipun Begawan Palasara saking pertapan Wukiro Tawu. Wonten perlu menapa panjenengan nimbali kula? “
            “ Aku Maha Raja Santanu saka Kraton Astina. Wis pirang-pirang taun aku tininggal garwaku Dewi Gangga. Wiwit iku aku ora tau kepethuk karo wanodya sing bisa ngganteni garwaku. Nanging rikala kepethuk sliramu, aku ora kuwawa nahan rasaku marang sliramu. Cah ayu apa sliramu kersa dadi garwaku? “
            “ Prabu Santanu, kula menika wanita ingkang sampun randha. Menawi mireng kados menika kok tansah boten pantes. Kula namung ajrih, paduka boten saestu kalihan ngendikanipun. “
            “ Aku ora ngapusi. Rasaku yang pancen tansah ngedab-edabi kanggo sliramu. Aku janji bakal ngayomi lan menehi kabeh kekarepanmu. “
            “ Saestu panjenengan badhe maringi sedaya pepinginan kula? “
            “ Ya mesthi cah ayu! “
            “ Nggih, kula kersa dhaup kalihan panjenengan nanging kanthi sarat! “
            “ Apa sarate? “
            “ Ing mangke Abiyasa putraku ingkang kedah dados Raja Astina! Kados pundi? “
Dumadakan Sang Prabu meneng klakep. Tan kuwawa mangsuli sarat sing wis diajokake dening Dewi Setyowati. Prabu Santanu mung bisa nyimpen rasa tresnane marang Dewi Setyowati amarga ora bakal bisa nglakoni sarat sing dijaluk dening Dewi Setyowati. Dewa Brata sing bakal dadi Ratu ing Astina. Iku wis ditetepake wiwit Dewa Brata isih bayi lan ora ana kang bisa ngganteni.
            “ Yen iku sarate. Ngapuranen aku, aku ora sanggup nglakoni! “ Prabu Santanu banjur oncat saka papan kana kanthi ati kang remuk amarga katresanane wis kapenggak.
            Dina-dina bacute, Prabu Santanu katon ngendhelong lan sedhih. Dewa Brata sing rumangsa Ramane nandhang sungkawa banjur takon.
            “ Rama kenging menapa panjenengan kok ketingal sedhih, boten kados padatanipun?”
            “ Aku ora papa Brata! Mung dina-dina iki aku tansah kelingan marang wanita sing daktemoni ing wana wingi. Eman, aku ora bisa nggarwa dheweke. “
            “ Kenging menapa boten Rama? “
            “ Ana sarat sing ora bisa daktindakake! “
            “ Menawi Rama boten saged, kersane kula ingkang nindakake! “
            “ Aja! Sarat iki dudu sarat gampang! Wis wis! “
            “ Menapa saratipun Rama? Ngendikaa kalihan putramu niki, supados kula saged ngabekti dhumateng Rama. “
            “ Wis! Brata, aja kok pikir perkara mau apa maneh nganti tumindak sing bakal ndadekake lengsering tahtamu! “
Dewa Brata ora leren anggone meksa Kang Rama kanggo menehi ngerti sarat iku. Nanging Prabu Santanu uga kenceng anggone nyimpen rahasia iku. Panjenengane ngerti wateke Dewa Brata sing lilo legawa lan tulus ikhlas. Dewa Brata bakal nglakoni apa wae kanggo kabagyane. Nanging, tahta iku wis dadi pangimpene lan mung Dewa Brata sing pantes jumeneng Nata Astina ngganteni panjenengane.
Bektine Dewa Brata dhumateng Kang Rama ndadekake Dewa Brata rumangsa kudu nggoleki wanodya sing disebutake dening Ramane lan mangerteni apa sejatine sarat sing diajokake dening panjenengane nganti gawe Rama ora kuwawa kanggo nglakoni. Dewa Brata banjur takon marang sais kreta Ramane, sapa sabenere wanita iku. Panjenengane banjur tumuju ing wana nang endi Prabu Santanu mbebedhak kala wingi yaiku ing salah siji puncaking Sapta Arga, kaya sing wis dituduhake dening sais kreta Ramane. Nalika ing dalan, Dewa Brata kepethuk wanodya kang sulistya ing warna. Wanita iku tansah nggodha Dewa Brata.
            “ Sinuwun, badhe tindak pundi? Kok kesesa? “
            “ Badhe sowan wonten kalenggahanipun Dewi Setyowati. Menapa panjenengan mangertosi wonten pundi menika? “
            “ Oh Dewi Setyowati, inggih mangertosi Sinuwun. Nanging sakderengipun kula dherekaken wonten dalemipun Dewi Setyowati, sumangga panjenengan kersaa leren wonten ngriki rumiyin. “ kandhane wanita iku nggodha Dewa Brata.
            “ Boten matur nuwun. Menawi kepareng kula dipunparingi pirsa kemawon wonten pundi dalemipun Dewi Setyowati, panjenengan boten sisah repot-repot ndherekaken. “
            Nanging wanodya iku sansaya ndadra anggone nggodha Dewa Brata sanajan Dewa Brata wis nampik. Pungkasane wanodya iku kepengin didadekake garwane.
            “ Kula menika tiyang sudra papa. Menawi kula kapundhut garwa panjenengan saestu kula remen sanget! “
            “ Cah ayu, mbok menawa dudu aku priya sing pantes nyandhing sliramu. Sumangga dakaturi golek liyane wae. Aku kesusu arep menyang daleme Dewi Setyowati! “
            “ Sinuwun, kula tresna sanget kalihan paduka. Kersaa paduka nampi kula dados garwa. “ Dewa Brata tetep teguh. Panjenengane ora kersa ngladeni wanita sing wis mundhuk-mundhuk ngarepake tresnane. Dumadakan wanita iku muntap lan malih dadi raseksa sing ngedab-edabi.
            “ Wani-wanine kowe nampik katresnanku Dewa Brata! Tampanana iki! “
 Wanita kang sulistya ing warna kasebut jebule utusane Dewi Durga kanggo nggodha Dewa Brata kareben ora bisa tekan ing tujuwane. Nanging Dewa Brata iku satriya pinilih sing bisa nahan hawa nafsu lan pepenginan donya. Bab kasebut gawe murkane raseksa iku, mila Dewa Brata banjur prang tandhing nglawan raseksa iku. Wiwitane Dewa Brata bisa dikalahane dening raseksa iku. Panjenengane kena sudukan ing padharane, gawe ambruk sadhela. Nanging panjenengane bisa menyat maneh lan raseksa iku kasil dikalahake dening Dewa Brata kanthi digebug nganggo kayu saka wit Purwa Kucila nganti ambruk lan ngilang. Kedadeyan iku gawe asap kandel sing mambu ora sedhep sarta pindhah-pindhah amarga raseksa iku sejatine durung mati nanging isih diukum dening Dewata ing donya. Papan kasebut sing dadi salah sijining puncaking Sapta Arga yaiku Puncak Daeng/ Si Dengkeng sing tegese pindhah-pindhah.
Sakwise ngalahake raseksa utusane Betari Durga Dewa Brata banjur nerusake laku menyang daleme Dewi Setyowati. Nalika tekan ing Kratone, Dewa Brata ngaturake apa sing dadi atine lan nyritakake apa sing dadi kekarepane Ramane, Prabu Santanu.
            “ Dewi, keparenga kula sowan awit kula mundhi dhawuh saking Rama kula, Prabu Santanu. “
            “ Apa kang dadi perlumu cah enom? “
            “ Ibu, kula menika putra ingkang cubluk ing pangertosan, nanging kula kepengin ngabekti marang Kang Rama. Kala wingi sakkonduripun Rama saking wana, pasuryanipun tansah dhuhkita, kula minangka putra boten kiyat anggenipun mirsani Rama kula kados mekaten. “
            “ Ya pancen Ramamu kepethuk karo aku nalika ing wana lan kandha yen arep nggarwa aku! “
            “ Menawi mekaten, menapa sejatosipun sarat ingkang panjenengan aturaken dhumateng Rama, dene Rama tansah kawratan? “
            “ Saratku ora angel, mung Ramamu banget tresnane marang kowe dadi ora bisa nglolosake saratku. “
            “ Menapa saratipun Ibu? “
            “ Aku mung njaluk, sakwise aku dadi garwane, anakku Abiyasa sing bakal jumeneng Nata. Nanging Ramamu ora bisa nglakoni! “
            “ Menawi menika saratipun, kula tansah lila legawa menawi pancen Abiyasa ingkang badhe jumeneng Nata, asal panjenengan kersa dados garwanipun Rama kula! “
            “ Isih ana siji sing dakkuwatirake! “
            “ Menapa menika Ibu? “
            “ Suk nalika kowe kagungan putra, putramu mesthi bakal nuntut apa kang bakal dadi hake lan anak-anak keturunanku ora bakal cetha nasibe! “
            “ Menika ta ingkang dados penggalih. Inggih kula bakal sumpah wadat boten palakrama salawase. Dados panjenengan boten perlu ajrih, mangke putra keturunan panjenengan ingkang bakal nerasaken wahyu keprabon.
            “ Yen pancen kowe lila legawa, aku uga lila yen dadi garwane Ramamu Prabu Santanu! “
Sawise sumpah wadat, Dewa Brata katelah Bhisma. Dene tahta Astina lan keturunan Bharata diterusake dening Abiyasa sing entuk gelar Prabu Viyasa Khrisna Dwipayana “ Gung Binathara “ utawa petapa sing dadi Raja.
Kali suci, papan sing kanggo nglarung Sang Astabasu saiki katelah Tuk Bima Lukar lan minangka sumber pisanan kali serayu. Serayu dhewe tegese sarira ayu. Dene Manik Mawa Retna sing kasimpe ing dhasaring telaga saiki kasebut Telaga Werna. Sapta Arga sing tegese 7 puncak gunung dipercaya manggon ing Dieng lan misuwur kanthi jeneng : Puncak Bhisma, Puncak Srikandi (Si Kendhil), Puncak Pandhu, Puncak Kunarpa (Si Kunir), Puncak Daeng/ Si Dengkeng, Puncak Acwamedha/Pakuwojo, lan Puncak Candradimuka. Saengga Dieng dipercaya minangka dataran trah Bharata.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar