Ana
sawijining raseksa aran Niwatakawaca sing arep nyerang kahyangan, donyane para
dewa. Raseksa kasebut sekti mandraguna tan ana sing bisa ngalahake. Dewa banjur
njaluk pitulungan marang manungsa. Panjenengane banjur nemtokakee pilihan
marang Arjuna sing lagi tapa ing Gunung Indrakila.
Ananging
sadurunge Arjuna kautus kanggo ngalahake raseksa Niwatakawaca, dheweke kudu diwenehi
pacoban kanggo nyoba katabahane lan kasektene. Banjur widadari cacah pitu
kautus dening Dewa kanggo nggodha Arjuna ing antarane yaiku Tilottamā lan Suprabhā.
Kekaro
widodari sing ayune wis kawentar ing jagade para Dewa kasebut nggodha Arjuna
kanthi pirang-pirang cara nanging mung muspra, amarga Arjuna babar pisan ora
kegut marang rayuane kekaro widodari kasebut. Kanthi rasa kuciwa Tilottamā lan Suprabhā bali menyang Kahyangan
lan matur dhumateng Dewa Indra. Para Dewa bungah nampa kanyatan kasebut,
nanging isih ana siji sing tansah gawe Dewa mangu-mangu, apa tujuaning Arjuna
tapa brata namung kanggo golèk kabahagiyan lan kakuwasaan tumrap Arjuna,
saénggo Arjuna ora perduli tumrap kaselamataning wong liya? Kanggo nguji bab
kasebut, Dewa Indra nemoni Arjuna kanthi njelma dadi wong tuwa. Panjenengané
ditampa kanthi nyenengake.
Ing sekabèhing wujud, kabahagayaning suwarga,
kanikmatan lan kakuwasaan ing donya iku semu. Sapa wong kang pengin nggayuh kasampurnan
kudu ngléwati donya ujud lan wewayangan kang kleru, aja nganti kabendung. Kuwi
mau sing diandharake dening Arjuna. Panjenengané negesaké, dèné tapa bratané mung
nglakoni kawajiban kșatriya
sarta mbiyantu kangmase, Yudhișțhira
kanggo njupuk maneh Kratone. Dewa Indra banget mongkok marang Arjuna,
panjenengane nuli kondur menyang Kahyangan.
Raja
para Raksasa wis ngerti kedadeyan ing Gunung Indrakila. Dheweke banjur ngutus
raseksa Muka kangggo mateni Arjuna. Raseksa mau awujud celeng lan ngrusak alas.
Arjuna kaget, panjenengane banjur metu saka pertapane. Nalika semana, Dewa Siwa
wis mireng dene Arjuna nglakoni tapa brata kanthi becik. Panjenengane banjur
mudhun, nalika mangerteni ana celeng Dewa siwa uga ngeculake panah bebarengan
karo panahe Arjuna. Panah mau nyawiji gawe perkara ing antarane Arjuna lan
Batara Siwa sing lagi nyamar. Kekarone banjur prang tandhing lan perang kasebut
dimenangake dening Arjuna. Dewa Siwa banjur malih ing wujud asline. Arjuna
banjur muja marang Dewane. Dheweke banjur kaparingan panah Pasopati lan cara
migunakake.
Singkating
carita, Arjuna banjur ngadhep marang para Dewa lan nampa printahe para Dewa
kanggo numpes raseksa Niwatakawaca. Kanthi kasektene Arjuna bisa numpes raseksa
kasebut. Para Dewa matur nuwun tumrap Arjuna, mila Arjuna entuk hadhiah saka
Para Dewa yaiku Dewi sing paling ayu sajagad Supraba.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar