Irah-irahan : Kritik Esai Kesusastraan Jawa Modern
Penganggit : Poer Adhie Prawoto
Penerbit : Angkasa
Kutha : Bandung
Warsa
Terbit : 1991
Kandel : 109
Poer
Adhie Prawoto rumaos prihatin kaliyan sastra jawi ingkang loyo, sampun mati
kedangon, lan burem. Panjenenganipun nyobi nyunting kritik esai kasusastran
jawi modern saking para kritikus sastra.
Susilomurti
ingkang miwiti ngritik babagan kahanan sastra jawi wonten jaman sakniki.
Susilomurti inggih punika kritikus sastra ingkang miyos wonten Surabaya nanging
ageng wonten Madiun. Panjenenganipun nate aktip wonten kempalan drama Arena
Madiun. Wonten Ngayogyakarta panjenenganipun ugi aktip wonten kempalan Sanggar
Bambu sareng kalihan pelukis Sunarto Pr. Nate ugi madegaken Kalawarti Basa Jawi
Kumandhang. Pungkasanipun panjeneganipun jumeneng dados redaktur Kalawarti
Sarinah. Wafat surya kaping 11 September 1986 nalika saweg rapat Ikatan Penulis
Keluarga Berencana (IPKB) wonten Denpasar.
Kasusastran
sapisan ingkang dipuntelaah inggih punika puisi Jawi modern ingkang thukul
saking sastra kalawarti. Susilomurti ngandharaken, rumiyin para penyair kuna
nyerat karya-karyanipun migunakaken gaya simbolisme ananging sakpunika
penyair-penyair modern nyerat karya-karyanipun minangka individu ingkang bebas
lan mardika miturut ewah-ewahanipun jaman. Wiwit saking punika para penyair
Jawi ndherek ngramekake proses ngrembakanipun kasusatran Jawi kanthi
ninggalaken bentuk-bentukipun ingkang statis
nuju kamajuan ingkang dinamis miturut
kahanan jaman. Kasusastran Jawi ingkang sampun ewah saking bentuk statis nuju dinamis saged ndadosaken kahananipun sastra jawi langkung
gesang.
Ingkang
angka kalih, Susilomurti ngandharaken babagan Prosa Jawi. Wiwit jaman proklamasi
ngantos jaman sakpunika kegiyatan prosa ingkang awujud buku sampun ewah ing
bentuk-bentuk cerkak lan roman. Saking
sastra buku lajeng ewah dados sastra Kalawarti. Kalawarti ingkang nggambaraken
Kasusastran Jawi antawisipun Panyebar Semangat, Jayabaya, ugi Mekarsari ingkang
ngantos jaman semanten taksih ngrembaka.
Nanging
amargi mboten wontenipun kritikus-kritikus lan kalawarti-kalawarti sastra
ingkang dados mercusuaripun, ndadosaken dekadensi kasustran Jawi ing jaman
sakpunika. Wonten ing jaman sakpunika ngrembakanipun sastra Jawi tansah
gumantung dhumateng kahanan masarakat kalihan buku-buku samben.
Saksampunipun
ngliwati kalih dasawarsa, kasustran Jawi namung kagungan Medan Basa lan Crita Cekak
minangka gelanggang kangge serius wonten ing bidhang penulisan sastra modern.
Faktor sanesipun ingkang ndadosaken sastra Jawi rumaos pincang inggih punika
mboten wontenipun golongan kritikus sastra Jawi modern minangka jembatan
dhumateng penganggit kaliyan peminatipun.
Sejatosipun
tuntutan masarakat dhumateng pengarang-pengarang Jawi inggih punika
pertanggungjawabanipun dhumateng karya ingkang
kasil. Dados pengarang-pengarang mbetahaken dedikasi lan mangertosi arah
ugi langkah minangka sastrawan.
Susilomurti
ngandharaken kanthi basa ingkang ilmiah. Dados,anggenipun mangertosi bab punika
kedah langkung konsentrasi. Basa-basa redaksi lan istilah-istilah sastra
ndadosaken pemaos radi ewet anggenipun nangkap intipun. Kathah ugi
paragraf-paragraf ingkang kirang koherensi ingkang ndadosaken pemaos radi
benget.
Nanging,
isi saking andharanipun Susilomurti punika sae sanget kangge para sastrawan
anggenipun ‘berjuang’ kangge ngrembakanipun Kasusatran Jawi modern utawi kangge
para pamaos ingkang kangen kaliyan sastra Jawi. Kahanan kasusatran Jawi
sakpunika pancen saged dipunwastani pincang amargi kirangipun dedikasi para
sastrawan Jawi lan para kritikus. Andharanipun Susilomurti punika saged
ndadosaken tolok ukur lan instropeksi kangge ngrembakanipun Sastra Jawi ing
mbenjang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar