Senin, 07 Juli 2014

KYAI KALADETE

Sendratari Titisan Kyai Kaladete
Kacarita sing mbaureksa Segara Kidul kang dumunung ing sisih kidul tanah Jawa. Ana sawijining wanita sulistya kang kebak subasita, prasaja, lan wibawa katelah Kanjeng Ratu Kidul. Asma iku disandhang panjenengane awit Kanjeng Ratu Kidul wis dipercaya dening Dewa kanggo mbaureksa Segara Kidul. Kanjeng Ratu Kidul yaiku salah sawijining panguwasa sing adhil lan wicaksana. Kraton Segara Kidul tansah ayem, tentrem, kreta raharja wiwit Kanjeng Ratu Kidul mandheg ing wewengkon kono. Para wargane banget anggone bekti lan njaluk pengayoman marang panjenengane, amarga panjenengane dhemen tetulung marang rakyate. Kabar misuwure panguwasa Segara Kidul kuwi uga krungu ing donyane manungsa. Dadi dudu mung bangsa jim, setan, dhemit, lan sapanunggalane sing njaluk pangayomane, bangsa manungsa sing srakah lan culika uga tansah njaluk pangayoman lan pesugihane.
Kanjeng Ratu Kidul iku panguwasa sing becik. Panjenengane ora kersa menawa ana manungsa sing uga njaluk pangayomane apa maneh pasugihane. Donya jim karo donyane manungsa kuwi wis winates garis kang ora bisa katrajang. Iku kang dadi lelandhesan sing baku tumprap tampikane Kanjeng Ratu Kidul ngrewangi manungsa. Gusti Kang Murbeng Dumadi ndadekake jim lan manungsa urip bebarengan nanging kanthi aling-aling. Manungsa urip ing alam donyane, semana uga jim lan setan uga urip ing alam donyane dhewe. Kekarone tansah urip bebarengan nanging ora bakal nyawiji.
Manungsa iku duweni sipat srakah lan culika. Ora gelem tandhang gawe adus kringet menawa duwe kekarepan. Kadya salah sawijining manungsa aran Ki Gedhe Rencong. Ki Gedhe Rencong, manungsa kang duwe kekarepan lan nafsu gedhe tumrap bandha, nanging dheweke ora gelem ngupadi. Pramila dheweke banjur teka ing Kraton Segara Kidul. Sowan dhateng Kanjeng Ratu Kidul kanthi gawa ubarampe sarta sarat sarana kang dadi senengane bangsa jim.
“ He kowe manungsa, apa perlumu sowan mrene? “
“ Kanjeng Ratu, bekti kula sahandhap dhumateng panjenengan. Sowan kula wonten Kraton amargi kula sampun sayah sampun bosen nandhang kemlaratan. Kula sampun mboten kiyat nampi sedaya ina saking para tangga"
“ Lha terus apa karepmu manungsa? “
“ Kula gadhah pangajeng-ajeng mugi kersaa Kanjeng Ratu paring pengayoman saha bandha dhumateng kula. Supados kula saged uwal saking kemlaratan kula. “
“ He kowe manungsa! Tak kandhani, yen kowe kepengin entuk bandha tegese kowe kudu gelem adus kringet, dudu nyadhong marang bangsaku! “
“ Panjenengan menika Ratuning Segara Kidul, ingkang cariyosipun wicaksana lan dhemen tetulung. Nanging, panjenengan nulungi kula kemawon kok sajak awrat ing manah. Menapa ingkang kula suwun temtu boten wonten sakuku cemengipun sedaya kaendahan saha kasugihanipun Kraton Segara Kidul! “ Ki Gedhe Rencong malah nantang.
“ Wani tenan kowe manungsa! Apa kowe ora wedi yen kowe bakal mati ing kene amarga kekendelanmu kuwi? “
“ Boten! Kula siyap pejah wonten ing ngriki menawi kekajengan kula boten katurutan. “
“ Manungsa, donyaku lan donyamu kuwi kadya adohing tawang lan bawana. Tan bisa nyawiji. Kajaba iku, sugih lan mlarat kuwi kowe dhewe sing bakal ngrubah, dudu aku lan bangsaku! “
” Menapa kados mekaten sipatipun Ratu ingkang dipuncariyosaken wicaksana lan dhemen tetulung? Saestu, boten kula kinten. “
Mangkono Ki Gedhe Rencong ora leren anggone meksa Kanjeng Ratu Kidul kanggo menehi pengayoman lan pesugihan. Sanajan Kanjeng Ratu Kidul wis tutug anggone menehi pituduh, nanging Ki Gedhe Rencong isih ora gelem oncat saka papan kana. Dheweke sansaya ndhedhes Kanjeng Ratu Kidul.
Dhasar nduweni sipat dhemen tetulung, panguwasa Segara Kidul iku pungkasane melasi dening Ki Gedhe Rencong. Kanjeng Ratu Kidul gelem menehi pesugihan dening manungsa kanthi sarat sarana sing katentokake dening panjenengane. Sarat sarana kuwi kudu komplit ora kena kurang sanadyan mung siji.
“ Ya aku ngalah Rencong! Aku bakal menehi apa kang dadi kekarepanmu. Nanging kowe uga kudu menehi apa kang dadi kekarepanku. “
“ Menapa menika Kanjeng? “
“ Malem Jemuwah Kliwon sesuk tekaa mrene maneh lan gawanen bocah lanang cilik sing duwe weton legi. "
“ Namung menika? “
“ Ora. Banjur samaptakake kembang setaman, ingkung, lan menyan kanggo ritual nang kene! Paham kowe? “
“ Inggih Kanjeng.”
“ Ya wis kowe entuk bali! “
“ Inggih, matur nuwun Kanjeng. “
Ki Gedhe Rencong bali menyang asale. Dheweke tansah marem wis kasil meksa Kanjeng Ratu Kidul kanggo nuruti kekarepane. Panjaluke Kanjeng Ratu wis kacathet tajem lan dadi tatu ing bathuke, suk malem Jemuwah Kliwon dheweke bakal teka maneh mrene.
Sabaline Ki Gedhe Rencong, Kanjeng Ratu Kidul thenget-thenger ing singgasanane. Pasuryane katon dhuhkita gawe atanya putrine, Nyi Rara Kidul. Nyi Rara Kidul yaiku sawijining kenya ayu putrane Kanjeng Ratu Kidul. Ayune Nyi Rara Kidul wis misuwur ing bangsa jim uga bangsa manungsa. Akeh priya kang ora kuwat dening ayune Nyi Rara Kidul lan kepengin mundhut garwa, nanging nganti saiki durung ana sing mbacut. Banjur nalika iki, pasuryane sing sulistya ing warna katon mendhung amarga weruh Kanjeng Ibu kurang sekeca ing manah
“ Menapa ingkang dados batin Kanjeng Ibu? Kok pasuryanipun panjenengan ketingal ngendelong? “
“ Anakku ngger Rara Kidul. Ibu tansah nandhang dhuhkita awit solah tingkahe para manungsa. “
“ Menapa ingkang sampun katindakaken dening para manungsa nika Ibu? “
“ Dhek mau, manungsa aran Rencong teka mrene lan njaluk pesugihan! “ mangkono ngendikane Kanjeng Ratu Kidul sing banjur diterusake crita lelakone klawan Ki Gedhe Rencong.
“ Manungsa pancen culika, ora gelem susah menawa duwe kekarepan. “
“ Panjenengan sampun sedhih Ibu. Kula ingkang badhe maringi sedaya kekajenganipun manungsa menika. Kanjeng Ibu cekap nampi tumbal saha sajenipun lajeng njagi bandha ingkang sampun kapasrahaken. Perkawis sanes kersane kula ingkang nandhangi. “ Nyi Rara Kidul nudhuhake bektine marang Kanjeng Ibu.
Lelakon pesugihan iku kelakon terus. Kabeh manungsa sing serakah, kepengin urip mulya kanthi dalan sing gelis lan gampang banjur rombongan sowan ing Segara Kidul. Nggawa ubarampe lan sarat sarana sing dikarepake Kanjeng Ratu Kidul. Sarat sarana iku uga kudu cemepak terus, ora kena leren nalika Nyi Rara Kidul uga ora leren menehi marang para manungsa iku.
Sawijining dina ing taun 1400 Saka, nalika Majapahit runtuh ana salah sijining punggawa saka Majapahit lolos lan ora sengaja sikile nggawa panjenengane ing Segara Kidul. Punggawa kuwi duwe watak ksatriya lan jujur, beda karo manungsa-manungsa sing biasa teka ing Segara Kidul njaluk pesugihan.
“ He sapa kowe manungsa? Apa perlumu? “
“ Bekti kula kanjeng. Kula menika tiyang sudra papa, badhe nyuwun pangayoman wonten papan ngriki menapa kepareng? “
“ Saka ngendi asalmu he manungsa? “
“ Kula saking papan ingkang tebih, papan menika sampun dipunkuwasani musuh. Kula kasil lolos lajeng dugi ing papan ngriki. “
“ O ngono ceritane! Ya, kowe daktampa ing kene. Bakal tak dadekake punggawaku ing Segara Kidul kene. “
“ Matur nuwun Kanjeng. “
“ Sapa jenengmu manungsa? “
“ Sumangga Kanjeng badhe maringi kula nama menapa? “
“ Ya wis wiwit saiki jenengmu Kaladete! “
Mengkono Kaladete banjur dadi punggawa ing Segara Kidul. Panjenengane tansah dadi punggawa kang prigel lan pinter. Dhasar keturunane Prabu Brawijaya, Kaladete ora bisa ndhelikake ksatriyane. Panjenengane pinter anggone olah raga dan olah rasa. Gampang anggone ngetutake kabeh latiyan kaprawiran. Ora tau sambat utawa kakehan omong. Namung tumindak sing sansaya ngedab-edabi. Iku kang dadi mongkoking Kanjeng Ratu Kidul.
“ Kaladete, kowe mesti dudu wong sembarangan. Kowe mesti keturunan Dewa! “ mangkono kandhane Kanjeng Ratu nalika meruhi Kaladete lagi latiyan olah raga.
“ Dewa saking pundi ingkang nurunaken tiyang sudra papa kados kula Kanjeng? “
“ Wis ora susah rumangsa papa kowe Kaladete! Kowe bisa ngapusi kabeh rakyatku, nanging ora bisa ngapusi aku. Sapa satemene kowe cah bagus? “
“ Saestu kula namung tiyang biasa, bangsa sudra ingkang nyuwun pangayoman wonten ngriki! “
“ Wis wis. Mandhege wae sandiwara iki. Ngakua! “
“ Nggih nyuwun pangapunten Kanjeng, kula menika keturunanipun Prabu Brawijaya saking Majapahit! Kula lolos saking mengsah ingkang sampun nguwasani Majapahit."
“ Brawijaya?  Wis dak kira. Banjur kepriye kowe bisa tekan kene? “
“ Sikil kula ingkang mbekta kula dumugi ing ngriki. Raga kula namung manut ilining laku amargi sampun nglokro anggen kula mlampah. Mbokmenawi pancen Dewa ingkang mbekta kula dhateng ngriki Kanjeng! “
 “ Ya mbokmenawa pancen wis ginaris yen aku bakal kepethuk karo awakmu cah bagus! “
 “ Menawi mekaten, menapa kepareng kula meguru dhumateng Kanjeng Ratu? Kula kagungan pangajeng-ajeng supados saged dados muridipun panjenengan Kanjeng. “
 “ Apa kuwi mrucut saka atimu dhewe lan kowe bakal nandhangi kabeh ujiyan lan pacoban sing bakal dakwenehake marang kowe menawa kowe dadi muridku? “
 “ Inggih mesthinipun Kanjeng! “
 “ Menawa kowe wis mantep, saiki jajalen olah ragamu tanpa leren nganti aku dhewe sing nglereni. Apa awakmu sanggup Kaladete? “
“ Sanggup Kanjeng! “
Kaladete banjur latiyan olah raga nganti Kanjeng Ratu Kidul dhewe sing ngendhekake. Kanjeng Ratu Kidul arep ndadar Kaladete supaya dadi satriya sing bisa nylametake bangsane manungsa. Supaya manungsa duwe sipat becil lan ora ngrusak alam. Supaya manungsa sadhar dene tumindake kuwi ala lan srakah.
Dene ing donyane manungsa ana sawijining papan panggonan sing katon ijo royo-royo. Wit-witan ngrembuyung jejer jinejer tumata ing kabeh panggonane. Hawa adhem kekes nggubet papan endah sing isih awujud wana kuwi. Embun-embun malih dadi es amarga adhem sing tansah ngedab-ngedabi. Papan kuwi dumunung ing lereng Gunung Dieng. Nalika manungsa durung njamah papan sing isih asli kuwi.
 Dene Kaladete sansaya prigel anggone olah raga lan olah rasa. Kasektene Kaladete dumunung ing rambute sing gembel. Rambut gembel kuwi peparinge Kanjeng Ratu Kidul nalika Kaladete nyamar supaya ora kecekel musuh. Kaladete  latiyan kanti temenan, nganti Kanjeng Ibu ora leren olehe ngalem.
“ Kaladete jan ngedab-edabi! “
Wis mangsane, Kaladete njajal kabeh kasektene lan bali ing donyane, donya manungsa. Kaladete kautus Kanjeng Ratu Kidul mlaku tumuju arah kulon. Kaladete mung disangoni kasekten sing wis kasinaoni ing Segara Kidul. Kaprigelan lan kasektene bakal dijajal ing perjalanan tumuju lereng Gunung Dieng.
“ Kaladete, iki sing kudu mbok lakoni minangka pangabektimu marang gurumu. Kowe kudu mlaku ngulon nganti kepethuk wana sing hawane adhem banget. Sakwise tekan kana, aku percaya awakmu mangerteni apa kang kudu mboklakoni! “
“ Sendika dhawuh Kanjeng, dalem nyuwun pamit! “
“ Ya Kaladete! Aku uga titip gembel sing wus daktuwuhake ing rambutmu. Iku kasektenmu. Ing mbesuk anak putumu uga bakal nuruni rambut gembel iku! “
 Pungkasane Kaladete pamit lunga menyang kulon. Kanthi sangu kasektene, dheweke nyamar dadi wong gembel sing sudra papa. Klambina morat-marit ora rupa, kareben Kaladete ora dikenali karo musuhe. Panjenengane terus mlaku menyang kulon. Sawijining dina panjenengane tekan ing padhepokan. Padhepokan kuwi katon gersang lan jarang muride. Kaladete mampir sedhela ing kana, kanggo leren.
 “ Kula nuwun “
 “ Kula nuwun “ mangkono dibaleni tekan makaping-kaping nanging ora ana jawaban. Kaladete wis ora sabar, banjur panjenengane meh metu saka padhepokan kuwi.
“ Kisanak! “ swara iku kaya keprungu saka njero padhepokan. Kaladete kumendel mlebu ing padhepokan kuwi lan ketemu karo wong loro sing amung nglemprak tanpa daya.
“ Kula nuwun, menika padhepokan menapa nggih? “
“ Rumiyin padhepokan sakmenika sampun kaobrak-abrik dening Bethara Kala. “
“ Lajeng sami wonten pundi murid-muridipun? “
“ Sedaya dados santapanipun Bethara Kala. Kula kaliyan Walik menika ingkang saged lolos. Kisanak menika sinten? Wonten perlu menapa? “
“ Kula menika Kaladete kula badhe lelana tumuju kilen nanging badhe leren sawentawis wonten papan ngriki menapa kepareng? “
“ Inggih mangga kisanak. “
“ Matur nuwun. “
Satriya telu iku banjur pada caturan. Wong loro sing nglempuruk ing padhepokan gersang kuwi jebul murid-murid sing kasil lolos saka Bethara Kala sing arep mangan kabeh warga padhepokan kuwi. Karim lan Walik kasil lolos nalika Bethara Kala lagi ngobrak-abrik padhepokan, kalorone ndhelik ing papan sing primpen lan ora konangan dening Bethara Kala. Kaladete tansah mesakake karo kaloro murid padhepokan iku, banjur tuwuh rasa kepengin mulangake kasektene supaya bisa nglawan Bathara Kala iku bebarengan.
“ Kisanak, kita kedah nylametaken sedaya warga padhepokan! “
“ Bathara Kala menika boten saged dipunkalahaken, menawi kita nantang tegese kita mati! “
“ Menawi kula wulangaken kasekten saking guru kula,kita boten bakal mati! “
Kaladete banjur mulangake kasektene marang Walik lan Karim. Sanajan ora bisa tutug, nanging Walik lan Karim bisa nguwasani kasekten iku kanthi cepet. Dhasare satriya, mula gampang ajar olah raga.
Ajar ing wektu sing cepet, banjur katelu satriya iku gawe siyasat supaya bisa mlebu ing papan dununge Bathara Kala. Karim bakal mlebu dhisik kanggo nylametake warga padhepokan. Walik mlebu sabanjure Karim kanggo ngintai Bathara Kala, dene Kaladete ngadhang ing njaba.
Para warga padhepokan tansah bungah nalika meruhi Karim arep ngeculake krangkengane. Kabeh pada nyuwara gawe Bethara Kala sadhar yen ana musuh. Dheweke ngamuk, medeni lan ngedab-edabi. Bethara Kala ngetokake kasektene, lan dilawan dening Karim nanging Karim ora sanggup, diganteni Walik, Walik uga ora sanggup, pungkasane Kaladete maju lan nantang Bathara Kala.
“ He Kala! Mati kowe! “
Satriya lan Buta iku banjur perang. Wiwitane Kaladete dipuntir, diguwang, diuncalake. Nanging Kaladete sansaya ngedab-edabi nalika ngetokake kasektene sing dumunung ing rambut gembele. Bathara Kala lampus.
“ Titenana keturunanmu sing gembel bakal dadi panganananku nalika aku reinkarnasi! “
 Padhepokan iku wis madeg maneh. Para wargane matur nuwun banget dhateng Kaladete.
“ Matur nuwun Kaladete! “
“ Matur nuwun ugi Walik lan  Karim! “
Kaladete isih dumunung ing papan iku kanggo sinau ilmu agama. Ing wana sing ditudhuhake dening Kanjeng Ratu Kidul kae, dheweke temtu bakal bubak papan ing kana. Minangka pangadeg, dheweke uga kudu duwe sangu kanggo ajaran marang para rakyate. Kaladete, Walik lan Karim banjur meguru ing padhepokan iku lan katelah Kyai Kaladete.
Pusakaning Dwi Pujangga Nyawiji, Kyai Kaladete dikancani Kyai Walik lan Kyai Karim ngulon. Tumuju lereng Gunung Dieng iku. Ing kana tetelune mbangun wana iku dadi padesan sing ASRI. Kyai Walik kebagian ngrancang tata desa lan dumunung ing Mojotengah, Kyai Karim ngurusi dhasar pemerintahan dadi manggon ing Kota Wonosobo, dene Kyai Kaladete sing bakal nguri-nguri lestarining budaya lan sing menehi jeneng wanasabha, wana tegese alas dene sabha tegese teka. Kyai Kaladete manggon ing Dieng. Ajarane Kyai Kaladete yaiku nglestarikake alam. Kyai Kaladete banjur nggarwa karo Nyai Laras Cinde.
Wiwit saka kuwi Lereng Gunung Dieng lan puncake kasebut Wonosobo. Kyai Kaladete uga nurunake rambut gembel marang para warga kana. Iku minangka titipan saka Kanjeng Ratu Kidul lan sing jenenge titipan kudu dibalekake. Gembel iku salah sawijining barokah, nanging amarga sumpah sing wis kadung metu saka Bathara Kala, rambut gembel kudu diruwat.
Sawijining dina, rakyat Dieng kaaran Bolesa panas lan kejang-kejang. Jebule dheweke dipilih dening Kanjeng Ratu Kidul lan tuwuh rambut gembel. Amarga dadi cadangane Bathara Kala, Bolesa njaluk diruwat. Ruwatan kaadani kanthi sarat sarana lan ubarampe senengane Kyai Kaladete lan Kanjeng Ratu Kidul kayata tumpeng robyong sing nggambarake rambut gembele Kyai Kaladete, sesaji, wedang 7 rasa, lan sing paling wigati yaiku bebana. Bolesa banjur ditakoni dening Ibune.
“ Kowe njaluk bebana apa? “
“  Gajah putih “ jawabe Bolesa.
  Wong tuwane Bolesa kaget, dene penjalukane anake ora bisa dituruti amarga abot banget. Sejatine bebana iku penjaluku Kyai Kaladete minangka syarat supaya rambut gembel iku ora bisa thukul maneh. Wong tuwane Bolesa rumangsa ora sanggup banjur nyuwun keringanan dening Kanjeng Ratu Kidul.
   “ Apa perlumu sowan mrene manungsa? “
   “ Kanjeng Ratu, kula nyuwun gunging pangaksami kula boten sanggup maring gajah putih kangge ruwatanipun anak kula! “
     “ Ya bakal dakwenehi kaenthengan. Saiki goleka bebek ijo minangka gantine gajah putih! “       
     “ Bebek ijo, kanjeng? “ Ibune Bolesa kaget.
     “ Iya! “
     “ Wonten donya kula ewet sangat Kanjeng, menapa wonten sanesipun? “
     “ Ya manungsa. Awit saka welas asihku marang awakmu. Ruwatane anakmu bakal kalaksanan suk mben nalika dheweke duwe plunan! “
     “ Menapa boten wonten pilihan sanes? “
     “ Iki wis dadi keputusanku lan wis ora bisa dirubah. Saiki balia! “
     “ Inggih kanjeng! Matur nuwun! “
Ruwatan rambut gembele Bolesa kudu ngenteni plunane lair. Nalika plunane lair, Bolesa kudu ngenteni plunane njaluk ruwat amarga plunane uga gembel.


Nalika taun-taun wis kaganti, pungkasane Bolesa bisa diruwat bareng karo ponakane kanthi bebana endhog sabagor lan wedhus. Rambut gembel iku banjur dilarung ing kali serayu sing mili tumuju Segara Kidul. Rambut iku dibalekake dening Kanjeng Ratu Kidul. Dene nganti saiki Kyai Kaladete isih nurunake rambut gembele tumrap sapa wae keturunane sing dikarepake. Sanajan Kyai Kaladete wis moksa ing Gunung Kendhil.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar