Jumat, 11 Juli 2014

CERKAK : SEKAR BUMI RINONCE

Jenenge Sekar. Kenya manis sing lagi lungguh dhewekan ana ing halte kae sajak bingung. Bis sing ditunggu ora teka-teka. Dene jam ing tangan kiwane saya nambah detik lan menite. Bola-bali tangane sing nggawa tisu ngelap kringete sing dleweran, ngelongi alus muluse raine. Wong-wong wis padha lunga siji  mbaka siji. Gari dheweke sing isih mbejejer ing pinggir bangku halte.
            “ Adhuh, kok wit mau sesek kabeh ya Bise! Telat iki aku. “ Sekar nggrundhel. Ora sadhar yen tindak-tanduke diematake karo wong sing lagi ethok-ethok ngenteni bis.
            Ssssreeet ...
            “ E..e..e..e! Jambreeeet! Jambreeet! “ Sekar mbengok-mbengok nalika wong lanang sing ngadeg ing sandhinge mau dumadakan ngrebut tase.
            “ Jambreeet! “ Sekar terus-terusan mbengok nganti wong-wong padha nglumpuk, mbunderi dheweke sing lagi sesenggukan amarga kelangan tase.
            “ Pundi mbak Jambrete? “
            “ Mrikko mmas! “ swarana ora cetha amarga nyampur karo tangise. Wong-wong gage padha ngoyak jambret sing mlayu mangalor. Sekar mlayu uga nututi wong-wong sing arep padha nulungi dheweke.
            BAK BUK BAK BUK!!
            Jambret kecekel lan dikroyok karo wong-wong. Si jambret kuwi nutupi sirahe nganggo tangane keloron.
           
“ Sampun.. sampun mas.. mas! Sampun! “ Sekar wis ora tega weruh kahanan sing ana ing ngarepe. Jiwa kamanungsane banjur metu. Pancen dhasare bocah ora tegelan. Si jambret tepar ing tengahing dalan. Sakwise nampa tase maneh lan ngecek kabeh barang-barange Sekar nyedhaki si Jambret sing wis arep digawa menyang kantor polisi.
            “ Eh Mas, sampun kula ikhlas kok! Boten usah dipunasta teng kantor polisi. Mesakake! “
            “ Lho mbak, niki penjahat lho! Kedah dipunukum! “
            “ Sampun, mesakake niki sampun babak belur mekaten! “ jiwa kamanungsane Sekar pancen ndhuwur. Nganti ora nggape karo hukum ing negarane. Sekar malah nulungi penjambret iku.
            “ Tulung dipunbekta wonten griya sakit mawon! “ jambret mau banjur digawa menyang rumah sakit. Diurusi marang Sekar.
*****
            Sekar kelingan wektu sepisanan dheweke ketemu karo bojone, Bumi. Priya sing wis dadi sisihane wiwit rong taun kapungkur kuwi pancen duwe gaweyan sing ala ndhisik. Nanging, iku ndhisik. Saiki Priya iku njelma dadi malaikate. Alesane kanggo tetep kuwat nglakoni reroncening uripe sing ora tau bisa dingerteni kepiye dalane. Sanajan, tekan saiki kelorone durung entuk restu saka Ibune Sekar. Nanging, rasa tresna bisa gawe wong loro kuwi kuwat.
            “ Dhik, ngombe obat ndhisik! “ swarane Bumi mbuyarake lelamunane.
            “ Njenengan wis ngunjuk Mas? “
            “ Ya mrene ta mulakna. Bareng! “ Sekar mlaku tumuju panggonane bojone sing lagi njupuki obat siji mbaka siji. Ya, iku wis dadi padatan sing ora kena ditinggalake karo Bumi lan Sekar yen pingin uripe isih rada dawa. Bumi lan Sekar ora kesel anggone padha ngelingake padatan sing banget wigati kanggo wong loro iku.
            “ Dhik, aku mangkat ndhisik ya! “
            “ Iya Mas! Aja lali obate! “ kandhane karo nyelipake pirang-pirang tablet ing tase bojone. Sekar ngeterake Bumi tekan latar. Ibu-ibu sing lagi untrek milihi janganan dumadakan padha ngematake Sekar lan Bumi. Kabeh ngetokake tatapan sinise.
            “ Sugeng Enjing Ibu-ibu! “ Sekar nyoba takon karo Ibu-ibu mau. Nanging ora ana sing nggape. Malah menjap-menjep, ngece-ece. Sekar mung mesem. Wis biasa karo tumindake Ibu-ibu komplek sing kaya ngono.
            Sekar nguripake komputere. Browsing. Tangane sing kari lunglit nari lincah ing ndhuwuring keyboard. Banjur, dheweke ngelek idu, kuciwa. Asile isih padha kaya dhek wingi. Info sing digoleki isih tetep menehi fakta sing isih padha.  Durung ana obate.
*****
            Dina iki Bumi kudu lembur. Sanajan obat sing digawani Sekar ora cukup kanggo tekan bengi. Bumi telpon Sekar, nanging ora ana jawaban. Bumi nyoba maneh, nanging nihil. Mbokmenawa Sekar ora ngerti yen ana telpon. HPne banjur dikanthongi maneh. Muga-muga mengko isih kober nelpon Sekar, supaya Sekar bisa nggawakake obate menyang kantor.
            Emane, Bumi lali ora telpon Sekar maneh nganti wengi. Dheweke konsentrasi karo gaweyane, nganti lali ora ngandhani Sekar. Ing tengah-tengahing konsentrasine, dumadakan dheweke ngrasakake ngelu ing sirahe. Awake ndrodhog.
            Ing ngomahe, Sekar krasa kuatir menyang Bumi. Dene wis jam semene kok durung bali. Ditelpon uga ora ana jawaban. Kamangka obate sing digawani mau mung cukup kanggo tekan sore. Sekar mejet tombol-tombol ing HPne kanthi kasar. Saking ora sabare, amarga telpone ora ndang diangkat. Manahe minangka bojo krasa ora penak. Kaya-kaya ana apa-apa marang bojone.
            Sekar banjur ngetokake pit montor. Dheweke nekat metu tengah wengi ngene menyang kantore Bumi. Tangga teparone sing ngonangi, duwe prasangka elek marang Sekar. Nanging sekar ora perduli. Sing ana ning pikirane ya mung Bumi.
            “ Mas! Mas! “ Sekar bengok-bengok ngundang Bumi. Nanging ora ana tanggapan. Sekar terus munggah ing lantai loro. Ngliwati lorong-lorong kantore Bumi karo ngeling-eling ruwangane bojone.
            “ Mas Bumi! “ dheweke nyoba sepisan maneh. Saiki ana sing nyemauri sanajan lamet-lamet.
            “ Dddhik.. “
            “ Mas Bumi? Njenengan ning ngendi? “
            “ Nning kkene! “ swarane lemes. Sekar nyoba nggoleki sumbering swara.
            “ Masya Allah Mas! “ Bumi wis pucet. Kringete dleweran. Sekar nyedhaki Bumi.
            “ Ngapuranen aku Mas, aku ora krungu telponmu! “ Sekar ngelapi kringete Bumi sinambi nelpon ambulance.
            Bumi isih kritis ing ruwang ICU. Ora ana sing ngancani Sekar, sakorane ngeneng-eneng tangise. Sekar sesenggukan dhewe ing bangku ruwang tunggu. Wong-wong kaya wis jijik karo penyandhang ODHA (Orang Dengan HIV/AIDS) kaya dheweke lan bojone.
            “ Ya Allah apa salahku, nganti kok paringi pacoban kaya ngene iki.. “
            Sekar sabar ngrawat Bumi sing isih ning ICU. Ora ana sing bisa dijaluki tulung. Kaluwargane wis ora pingin kenal nalika kekarone divonis dhokter duwe penyakit sing njijiki kuwi. Dene Bumi wis ora duwe kaluwarga. Njaluk tulung Endah, Sekar wis ora kepenak kakehan ngrepoti Endah. Sekar kudu montang-manting dhewe, bea rumah sakit ora sethithik. Minangka guru SD lan karyawan biasa sepiro gajine Sekar lan Bumi.
            Sekar kudu nekat. Mung wong tuwane sing bisa nulungi. Dheweke banjur  menyang omahe wong tuwane. Sanajan dheweke ngerti yen bakal entuk makian saka Ibune.
            Akhire, Sekar tekan ing omah sing banget dikangeni. Omah kuwi durung berubah. Isih padha kaya nalika ditinggalake rong taun kapungkur.
            “ Assalamu’alaikum! “ ngati-ati banget dheweke anggone uluk salam.
            “ Walaikumsalam! “ wanodya umuran 60 taun mbukak lawang. Kaya ngapa kagete nalika panjenengane weruh momongane sing banget ditresnani. Sing wis ilang wiwit rong taun kapungkur.
            “ Mbak Sekar? “ swara rewange ndredheg.
            “ Simbok! “ Sekar arep ngruket pamomonge, nanging dumadakan ana wanodya nyedhaki lawang.
            “ Sapa Mbok? “
            “ Niki Bu, Se... “ wanita tuwa iku durung nganti rampung anggone ngendikan.
            “ Ngapa kowe?! “
            “ Ngapuranen kula Bu! “ Sekar ndhodhog ing ngisoring Ibune. Nanging sajake tetep ora bisa nggawe wanita iku sumedhot.
            “ Kowe wis dudu anakku. Lunga wae mrana karo bojomu sing tukang nyopet kae! “
            Sekar ora semaur apa-apa, isih sesenggukan. Rewange wis ora tegel, wong loro kuwi banjur tetangisan.
            “ Ora sudi aku weruh rupamu maneh! “
            Sanajan Ibu banget kangene karo anakke wedok, nanging emane Ibu tetep durung bisa ngapurani tumindake anakke.
            DUAR!
            Lawang banjur ditutup seru. Sekar mundhur. Banjur madhep mburi, arep bali. Kala-kala dheweke isih mengo, ngematake omahe lan kaluwargane ing njerone sing banget ditresnani.
            Ibune wis ora bisa nulungi. Rasane donyane Sekar sansaya ciut. Dhuwite ning tabungan sansaya tipis kanggo perwatane Bumi sing isih durung metu saka ruwang ICU. Obate uga saya suwe saya entek. Kamangka, saya tambah dina awakke sansaya entek.
            Sekar lungguh ngruket dhengkule ing pojokan rumah sakit. Ora ngerti maneh apa sing kudu dilakokake. Dumadakan HPne muni. Ana jenenge mitrane ing kana. Dheweke ngangkat telpone kancane tanpa nyuwara.
            “ Kar, kowe ning ngendi? Ngapa ora mangkat mau? “ ana swara cemprenge mitrane ing kana. Wong apikan sing isih gelem kancanan karo ODHA. Nanging Sekar mung bisa nangis. Ora ngerti tembung apa sing trep kanggo nggambarake atine.
            “ Kar? Sekar? Kowe ning ngendi? “ Endah keprungu kuatir banget karo mitrane.
            “ Rumah sakit! .... “
            Tut... tut... tut... tut... tut...
            Endah langsung ngruket kancane nalika nemokake Sekar wis lemes ing pojokan rumah sakit. Awake adhem kabeh. Rupane pucet.
            “ Obatmu endi? “
            “ Wis ben aku mati wae! Aku wis ora duwe sapa-sapa! “
            “ Kowe duwe Bumi. Kowe duwe aku! “ kandhane karo ngrogoh-ngrogoh tase Sekar nggoleki obat.
            “ Mas Bumi!! “
            Endah ngetokake banyu putih saka tase. Banjur ngombekake obat marang Sekar. Sekar dieneng-eneng. Diruket kanthi kenceng. Luhe melu tumetes mangerteni kahanane kanca rakete kaya ngene.
*****
            Endah ora bisa terus-terusan meneng bae meruhi kahanane mitrane. Dheweke nyoba kirim layang ing adicara ‘tembang panguripan’. Sapa ngerti kisahe Sekar bisa diangkat lan gawe rasa kamanungsane manungsa padha tuwuh.
            “ Kar, delengen! Kowe diundang! Kowe diundang! “ kandhane Endah karo ngruket mitrane. Sekar mung mesem, pesimis.
            “ Apa iki ora sansaya nambah rasa jijike wong-wong marang aku lan Mas Bumi? “
            “ Ora Kar! Ora! Iki dalan! Iki kudu mboklakoni. Kanggo Bumi, Kar! “
            Sekar akhire manut.
            Camera... Rolling... Action!
            “ Sugeng ndalu para pamiarsa! Kita kepanggih malih wonten adicara TEMBANG PANGURIPAN kanthi tema HIV/AIDS! “
            “ Wonten ngarsanipun kula lan panjenengan, sampun rawuh Mbak Sekar minangka narasumber kita! “
            “ Sugeng ndalu Mbak... “
            “ Dalu! “
            “ Mbak Sekar, nuwun sewu, kepripun wiwitanipun panjenengan saged nyandhang penyakit punika! “
            Sekar banjur crita sakabehane. Wiwit dheweke kepethuk Bumi ing halte banjur kisah kasihe karo Bumi. Kepiye Bumi akhire tobat lan nglamar Sekar. Tekan akhire nikah siri nganggo wali hakim amarga keluargane Sekar ora setuju. Lan kepiye nalika wong loro divonis kena HIV/AIDS.
            “ Wiwitanipun sinten rumiyin ingkang dados ODHA Mbak? “
            “ Mas Bumi. Rumiyin pancen Mas Bumi kagungan masa lalu ingkang peteng. Nanging, nembe mangertos yen panjenengane ngidhap HIV/AIDS nalika sampun kalih kula! “
            Adicara iku mili kanthi lancar. Sekar katon tegar nyritakake kahanan uripe sing wis ning ambang mati.
            “ ODHA punika sanes sampah masyarakat. ODHA ugi kagungan hak kangge gesang kados tiyang sanes. Gesang bebrayan kalihan ODHA boten bakal ndadosaken kita ketularan! “ kandhane Sekar mungkasi acara.
            Sakwise acara iku. Akeh pihak-pihak sing trenyuh lan mbiyantu marang Sekar lan Bumi. Rasa kamanungsane manungsa akhire bisa tuwuh lumantar critane Sekar. Sanajan, Ibune tetep durung bisa menehi ngapura. Tetep durung bisa teka lan niliki anak lan mantune.
            “ Sekar? “ keprungu suara lirih saka jejere Sekar.
            “ Mas Bbbumi? Alhamdulillah! “ Sekar ngruket bojone sing wis sadhar saka komane. Gage dheweke ngundang dhokter.
            Sekar lan Bumi isih bisa kuwat. Sanajan uripe bisa diitung karo dhokter, nanging uripe tetep isih dadi rahasiane Gusti Allah. ODHA dudu sampah masyarakat. Reroncening kembang-kembang panguripane Sekar lan Bumi terus lan terus lumaku. Sanajan dikantheni pepeteng, nanging tresnane bisa dadi pepadhang sing gawe kekarone bisa kuwat lan sabar.

CUTHEL

Tidak ada komentar:

Posting Komentar