Jumat, 11 Juli 2014

CERKAK : BOCAH NGGUNUNG

Ranti, jenenge Suranti. Kenya Wonosobo kang praupane nengsemake kae kaya susah atine. Luh-luh padha dleweran ing pipine sing isih alus. Saben-saben tangane ngusap pipine nanging banyu kang mili saka mripate ora gelem mandheg. Nembe isuk mau dheweke nangis bungah amarga tulisan lulus sing katujukake mring dheweke. Nanging saiki dheweke kudu nangis getun, dene wong tuwane tegel tenan muthung impen-impene.
Wis dadi deretan impen sing dadi kembang turune saben wayah wengi. Sok yen wis lulus SMA Ranti kepingin nerusake menyang perguruan tinggi. Ing jurusan sastra. Dheweke pingin dadi penulis. Kaya Andrea Hirata, penulis favorite. Nanging, apa ya bakal kelakon gegayuhan iku yen dheweke wis dilamar pria sugih pilihan wong tuwane. Pria sing jare bakal ndadekake uripe kepenak, nanging ora bakal ndadekake dheweke penulis.
Adheme hawa ing Dieng sansaya ngremuk balunge Ranti. Pating nggreges kulite. Dheweke tumungkul, kaya-kaya ora sudi nyawang praupane pria sing digadhang-gadhang bakal dadi sisihane. Pikirane terus diuripke, piye piye. Piye anggonne kudu metu saka kahanan kang tansah njepit anggane. Apa ya kenya nggunung iku kudu  pasrah nampa kahanan iki. Apa iya dheweke kudu mendhem jero gegayuhane.
“ Ti, mbok ngomong, aja meneng bae! “ ngendikane Bu Endar. Ranti tetep ora nyuwala. Dheweke nggeget lambe, nahan tangise. Pingin banget dheweke matur yen dheweke ora arep omah-omah sakdurunge bisa dadi penulis. Nanging tetembungan apa bae kaya mung mandheg ing gulune.
Ranti wis ora bisa nahan tangise. Dheweke mlayu mlebu kamar. Banjur ungkep-ungkep nangis. Bocah gunung sing mesakake iku ora ngerti apa kang bisa ditindakake. Nanging, dumadakan ana pikiran kanggo metu saka kahanan iki. Ranti menyat banjur njupuk tas sing cementhel ing mburi lawang. Kabeh klambi lan keperluane dilebokake tas. Banjur dheweke lungguh lan nulis surat kanggo Rama-Biyunge.
Ramane, Biyunge, ngapunten yen Ranti kurang ajar. Ranti dereng pingin emah-emah. Ranti pingin kuliah. Ranti pancen bocah gunung, nanging Ranti mboten pingin kados kanca-kanca sing lulus SMA lajeng emah-emah. Ranti gadhah gegayuhan Ramane, Biyunge. Ranti pingin sekolah malih. Ranti badhe ngoyak gegayuhane Ranti. Nyuwun pangestunipun Ramane, Biyunge. Nyuwun pangapunten Mas Bagus.
Pangapunten,
Suranti

 “ Ranti minggat..Ranti minggat! “ Bu Endar mbengok-mbengok sakwise maca surat sing gumlethak ing meja kamare Ranti.
Pak Endar lan Bagus nuli mlayu marani kamare Ranti. Banjur meruhi Bu Endar lagi nangis sesenggukan karo ngekep surat saka anak siji-sijine. Pak Endar marani garwane banjur nyoba dieneng-eneng.
“ Dadi Ranti pingin kuliah Yung? “
“ Lha iya Ramane. Ranti wedi olehe arep omong! “
“ Ranti. Ranti. Ramane ki mung tani mlarat! Ndadak kuliah! Kuliah li  mung kanggo wong kota! Wong desa kaya awake dhewek kiye, wis ana sing nglamar ya wis alkhamdulillah! “
Suranti mlaku kedandapan karo njinjing tas gedhe. Mbuh menyang ngendi sikile bakal nggawa anggane. Ranti mung pingin lunga. Lunga ngoyak gegayuhane. Roke nyrimpet-nyrimpet nanging ora digape. Kringete dleweran nanging ora digagas.
Lakune ora jejeg. Bola-bali dheweke noleh ning mburi. Kuatir Ramane utawa Biyunge ngetutake ing mburine.
Ranti tekan ing terminal. Ana bis jurusan Jogja sing mandheg ing ngarepe. Kabeneran kernet mbengok “ Jogja.. Jogja “. Gage dheweke munggah bis lan ora let suwe bis iku mlaku mangetan.
*****
Yogyakarta. Sikile napak ing kutha sing durung tau diambah kuwi. Ranti isih ora percaya yen saiki dheweke bener-bener ana ing Jogja. Kutha sing jarene wong-wong nduweni pirang-pirang Universitas sing misuwur. Salah sijine ya UGM. Universitas impen-impene Ranti.
“ Liwat ngendi ya? “ Ranti mung mandheg ing terminal Jombor, amarga pancen iki sepisanan dheweke bisa ngambah kutha gudheg iki. Dheweke clingukan. Sapa sing bisa ditakoni? Dheweke banjur nyedhaki gerombolan Mbak-mbak sing katon kaya mahasiswi.
“ Nuwun sewu Mbak! Menawi dalan badhe teng UGM liwat pundi nggih mbak? “
“ Oh mrika nika Mbak! “ salah siji bocah wadon semaur lan nunjuk dalan nuju UGM. Ranti matur nuwun banjur melu petunjukke Mbake iku. Dheweke mlaku, ngrasakake panase hawa Jogja sing sumelet. Kringete bola-bali dilapi nanging tetep ndlewer. Wis pirang-pirang kilo anggone mlaku, nanging tulisan UGM durung ditemokake. Dheweke ngaso sedhela ing warteg kanggo ngisi wetenge sing luwe.
“ Bu, UGM taksih tebih nggih? “ pitakonane karo sing duwe warung.
“ Inggih Mbak! Badhe tindak UGM napa? “
“ Inggih Bu. Kula mlampah wit wau kok boten tekan-tekan! “
“ Lha kok mlampah? Mlampah nggih tebih. Numpak trans jogja mawon Mbak! “
“ Oh ngaten Bu? “
“ Inggih Mbak! “
Ranti nerusake lakune nggoleki UGM. Panase jogja ora direwes. Dheweke pancen duwe obsesi kanggo mlebu UGM. Nalika ana pemberhentian trans Jogja banjur dheweke gage menyang kana. Pesen tiket lan mangkat nuju UGM. Nanging, ora nyana jebul perjalanan nganggo trans Jogja kuwi suwe banget. Ranti ngrasa lumuten banget.
“ Halah, iki kok mung mubang-mubeng wae ket mau ora tekan-tekan! “ Ranti niliki jam ing tangane. Wis jam 4 sore. Dheweke banjur eling yen dheweke durung sholat ashar.
“ Adhuh, kapan ta tekane selak sore durung sembahyang ashar iki! “ atine nggrundel. Dene trans Jogja sing ditumpangi dheweke sansaya mubang-mubeng. Amarga gugup durung sholat ashar, Ranti mudhun sak nggon-nggon sanajan durung tekan UGM. Dheweke banjur nggoleki mushola kanggo sholat.
Sholat wis katindakake. Nanging UGM tetep durung ketemu. Ranti takon maneh karo wong-wong ing sekitare. Nanging kabeh menehi katrangan sing nambah Ranti bingung.
“ Ah, piye ta padha menehi ngerti kok beda-beda ora genah! “ Ranti banjur numpak becak.
“ Pak, UGM nggih! “
Becak mlaku alon-alon ngubengi dalan-dalan ing kutha Jogja. Kepiye bungahe bocah gunung iku nalika dalan UGM wis ana ing ngarepe. Tulisane gawe kemranyas atine Ranti.
“ Iki UGM tenan?  Ckckckckck, guedhi tenan! “ saking gumune karo latare UGM, banjur lali marang tukang becak sing wis ngenteni bayarane.
“ Mbak! “ tukang becak iku ngepuk pundhake Ranti.
“ Oh inggih Pak. Pinten? “
“ Sedasa Mbak! “
“ Sedasa? Lha kok larang men! “
“ Lha pancen semanten regane! “
Kabotan, Ranti nglorot sepuluh ewunan saka dompete. Tukang becak kuwi mesem banjur lunga.
Ranti mlaku mlebu kanthi rasa bungah campur gumun. Kabeh sing ana ning kono, sajak gawe atine Ranti tambah kepingin dadi salah siji mahasiswine. Dheweke mandheg ing baliho gedhe sing dipajang ing ngarepan. Ana pengumuman SNMPTN ing kana. Isih ana wektu 2 dina kanggo daftar. Nanging biayane, 100.000. Ranti mbukak dompete lan mung ana 50.000 ing kana. Kuwi wae ketambahan kanggo urip ing kene selawase ujiyan. Dheweke sansaya bingung.
*****
Ranti ora nglokro. Dheweke yakin mesthi bisa oleh dhuwit seket ewu maneh. Dheweke takon-takon karo bakul warteg, warung cilik, lan bakul apa bae kang gelem nampa dheweke nyambut gawe. Nanging, ora ana sing gelem nampa dheweke.
Nalika lagi leyeh-leyeh ing pinggir dalan, ana bocah cilik kang nyedhak lan nyanyi ing ngarepe. Banjur dheweke nemu cara maneh. Ranti golek plastik bekas kembang gula. Ranti ider ngetan-ngulon karo nyanyi. Asile pancen ora akeh, nanging lumayan.
‘ layangmu tak tampa wingi kuwi..... ‘ mangkono dheweke nglipur wong-wong liwat, penumpang-penumpang, utawa pengunjung-pengunjung warung makan. Sakwise wadhah kembang gulane rada kebak, Ranti leren. Ngitung asil olehe ngamen. Entuk selawe ewu. Isih kurang akeh kanggo nambahi daftar SNMPTN. Ranti ora nerusake gaweyane amarga wis krasa ngantuk. Dheweke nggelar kerdhus arep merem. Nanging krungu swara priya sing nyedhaki dheweke.
“ Ana cah ayu, Dab! “ swarane kaya bisik-bisik supaya Ranti ora krungu.
“ Bisa dadi dhuwit iki! “
Priya mau karo balane banjur nyekel Ranti, arep digawa. Nanging Ranti banjur melek. Nyoba berontak, sanajan tangane priya-priya iku kuwat banget. Ranti banjur nyokot tangane priya iku lan mlayu. Priya keloron iku ora gelem kalah. Dioyak genti Ranti. Ranti mlayu terus, karo saben-saben madhep memburi. Dheweke mlayu terus lan weruh ana wit sing gedhe. Ranti banjur ndhelik ana kono. Begjane priya loro kuwi banjur kelangan Ranti.
Dina sabanjure, Ranti ider swara maneh. Dina iki dheweke kudu duwe satus ewu kanggo daftar SNMPTN. Recehan satus, limang atus, lan sewu padha mlebu ing wadhah kembang gulane Ranti. Ranti ngaso ing ngisor wit sinambi ngitung asile dina iki. Telung puluh ewu. Isih turah limang ewu. Lumayan nggo tuku sega, kareben wetenge ana sing ngganjel.
*****
Sakwise ngliwati pirang-pirang proses. Ranti tekan dina iki. Dina sing banget ditunggu. Isih ning Yogyakarta. Ranti bisa urip amarga ngamen. Sanajan urip ning dalan pancen rada mbebayani kanggo kenya sulistya kaya Ranti, nanging dheweke bisa njaga awake. Tekan dina iki, Ranti isih bisa urip lan mangan ing kutha gudheg iku.
Ranti mlebu menyang warnet. Deg-degan dheweke mbukak asil SNMPTN. Lan kaya ngapa bungahe yen dheweke tembus ing UGM jurusan Sastra Indonesia kanthi bidik misi. Luhe Ranti tumetes saking senenge. Sewulan ing kutha iki wis akeh menehi piwulang kanggo dheweke. Iki dalane. Dalane supaya bocah gunung kaya dheweke bisa nggayuh impene. Ranti menyang wartel. Nomere tanggane sing kasimpen ana dompete dihubungi.
“ Yu, Biyung endi Biyung? “
“ Iki Ranti. “
“ Biyung Ranti ketampa! Ranti kuliah Biyung! UGM Biyung! Bapak endi? “ kandha kaya mangkono karo mrebes mili bungah.

CUTHEL

Tidak ada komentar:

Posting Komentar