Bocah wadon kuwi
lungguh ing ngarep omahe sinambi maca buku. Wanita umur 50 taunan metu.
“ Mawar! “ kandhane
kanthi swara khas keibuan.
“ Hih, Ibu ngapa metu
barang! Kana mlebu! “ Mawar nyentak Ibune. Wanita tuwa iku banjur mlebu maneh.
Tangane grayah-grayah nggoleki papan cekelan.
“ Mawar! “ bocah wadon
loro dumadakan teka ing omahe. Mawar ndangak. Kaget weruh kanca-kancane ning
kene.
“ Eh, Santi! Roro! “
mawar katon gugup banget.
“ Kok ngerti omahku
saka ngendi? “
“ Ya takon-takon. Aku
arep ana perlu banget karo kowe! “
Mawar tambah gugup
nalika kancane nyedhak maring dheweke.
“ Adhuh, piye nek
kancaku weruh Ibu? “ batine.
“ War, aku ora mbok
kon mlebu apa? “ Mawar mung mringis. Dheweke banjur manggakake kancane mlebu.
Dheweke clingukan. Wedi yen Ibune metu lan kanca-kancane bakal ngerti yen Ibune
wuta.
“ Sapa War? “ kandhane
Ibune karo metu saka pawon.
“ Bu, nek ana kancaku
aja ngetok ta! Aku isin yen kancaku padha ngerti Ibuku wuta! “ Mawar kandha
kanthi bisik-bisik. Dheweke banjur bali menyang ruwang tamu nemoni
kanca-kancane. Dene Ibune mung ndhingkluk.
“ Sapa kae War? Ibumu?
“
“ Hah? Dudu kok! Masak
Ibuku wuta! “ Mawar katon gugup banget.
Priya sepantaran karo
Ibune katon mlebu ngomah.
“ Assalamu’alaikum ! “
“ Walaikumsalam! “
bocah telu sing lagi jagongan ing ruwang tamu iku mangsuli salame Bapake Mawar.
Bocah telu mau banjur menyat. Salaman.
“ Wah ana tamu! Wis
padha suwe? “
“ Nembe Pak! “
Bapake banjur mlebu
pawon nggoleki Ibu. Ibu ditemokake lagi dhewekan ing pawon. Eluhe tumetes. Gawe
atine Bapake krasa trenyuh.
“ Ngapa Bune? “
“ Bapak? Wis bali ta?
“
“ Iya. Ana apa kok
nangis. Mawar maneh? “
“ Ngapa maneh bocah
kae? Ben taksenenine! “
“ Aja Pak! Ora sah!
Aku ora pa-pa! “ Ibune nahan tangane Bapak supaya ora lunga nyeneni Mawar.
*****
Rembulan katon sinorot ing tawang. Dhewekan.
Kancane, lintang-lintang ora ngetok ing wengi iki. Ayu mlebu kamare anake
wadon. Tangane grayahan golek topangan. Mawar mung mengo sedhela nalika meruhi
Ibune lagi kangelan marani dheweke. Ora niat kanggo mapah wanita sing wis
nggadhekake uripe kanggo dheweke.
“ Nok! “ swara khas
keibuane keprungu alus ing kupinge Mawar. Mawar ora semaur. Isih konsentrasi
karo tugase.
“ Nok! “ swarane
keprungu maneh.
“ Apa ta Bu? Aja
ganggu konsentrasiku! “ kaya padatan, Mawar mangsuli kanthi nyentak.
“ Ibumu iki njaluk
ngapura menawa gawe kowe isin! “ Mawar mung meneng bae. Pancen, bener tenan.
Mawar isin banget duwe Ibu sing cacat. Sing wuta. Mawar pingin duwe Ibu sing
normal, sing bisa dibanggakake marang kanca-kancane. Saksuwene iki, Mawar
primpen anggone nutupi kahanane Ibune. Lan wiwit kecelakaan iku, dheweke banjur
sengit marang Ibune.
Ibune metu saka kamare
Mawar tanpa ngendika apa-apa maneh. Lon-lonan dheweke nutup lawang kamare
anake.
“ Dhuh Gusti, bukaken
manahipun Mawar supados saged nampi kahanan niki! “ tetesing waspa nelesi
pipine Ayu sing wis kangen diruket lan gegojegan maneh karo anake wadon.
Esuk umun-umun Ayu
nata sarapan ing meja. Mawar isih ngringkel ning kasure.
“ Mawar endi Bune? “
“ Isih ning kamar! “
“ Yah mene isih turu?
“
“ Wis ben Pak!
Mesakake mau bengi nggarap tugas nganti wengi! “
“ Ibu ki senengane
manjakake Mawar kok! Dadine bocah kae aleman! “ Ibune mung mesem, banjur
nyidhukake sega kanggo Bapak.
Bapak tindak kantor.
Dene Ibu nglakoni gaweyane kaya padatan minangka ibu rumah tangga. Mawar sing
isih turu ing kamare, coba digugah dening Ibune.
“ Nok! Wis awan! Ayo
ndang tangi! Ana kuliah ora? “
Mawar mung ngulet.
Ibune banjur lungguh ing pinggir dhipan karo ngelus-elus rambute.
“ Ah, minggir! “
tangane Ibune disamper nalika mripate wis melek. Ibune kaget lan reflek
ngeculake tangane. Ibu ngelus dhadha. Dhuh Gusti, paringana sabar.
*****
Kampus krasa sepi.
Mawar lungguh dhewekan ing bangku taman sinambi maca buku. Dumadakan ana tangan
kekar sing nutupi mripate.
“ Ah, Sigit! “
“ Wah, kok mesthi
ngerti ta! “
“ Hla wong sing
senengane iseng ki mung awakmu kok! “ priya sing wis manggrok ning atine Mawar
wiwit telung wulan kapungkur kuwi mung mringis.
“ Kok durung bali? “
“ Wegah bali! “
“ Lho? Ngapa? “ Mawar
mung meneng.
“ Ayo tak terke bali
po piye? “ Mawar langsung kemrungsung.
“ Aja! Aja! “
“ Ngapa ta aku ora
oleh dolan ning omahmu? Omahmu ana apane? “
“ Ora ana apa-apane. “
“ Lha terus? Bapakmu
nyokot? Ibumu galak? “
“ Bapakku apik kok.
Ibuku ... “ Mawar meneng sedhela. Banjur ngelek idu.
“ Ibuku wis ora ana. “
dumadakan tembung kang ora pantes iku metu saka lambene. Atine banjur krasa
deg-degan sing seru banget. Mawar gage nata barang-barange. Dheweke banjur
pamit bali.
“ Aku dhisik ya Git! “
“ Lho? Tenan ora gelem
dakterke! “ tangane Mawar mung lambeyan.
Sigit isih penasaran karo pacare. Dene dheweke ora tau gelem diterake mulih.
Sakbenere ngapa karo omahe? Sigit banjur nututi Mawar, nanging aja nganti Mawar
ngerti.
“ Assalamu’alaikum! “
Mawar uluk salam. Ibune sing mangsuli. Sabanjure kuwi dheweke mlebu kamar.
Aras-arasan weruh Ibune.
Sigit marani omah cat
kuning gadhing kuwi. Nothok lawang banjur uluk salam. Ibune sing metu lan
mbukake lawang.
“ Walaikumsalam! “
Sigit kaget meruhi
kahanan ing ngarepe. Sapa wanita wuta sing ning ngarepe? Sapane Mawar? Apa
Ibune?
“ Madosi sinten nggih?
“
“ Mawar wonten? “
“ Oh Mawar. Inggih
wonten. Mangke riyin taktimbali. Mangga pinarak Dhik! “
“ Inggih Bu! “ Mawar
metu nemoni Sigit.
“ Git? Kok ngerti
omahku? “ Mawar katon kaget meruhi Sigit wis tekan omahe.
“ War, wanita mau
sapa? Ibumu ta? “ Sigit langsung to the point
takon.
“ Hah? Dudu kok. “
“ Terus sapa? “
“ Anu.. e..! “ Mawar
bingung olehe arep ngeles.
“ Ibumu ta? “ Sigit
katon mantep karo batangane.
Mawar mung ndhingkluk.
“ Aku ora nyana jebul
atimu elek War. Ibumu isih sugeng ngono kok mbok omong wis seda! “ Sigit
nyeneni Mawar sing mung ndhingkluk. Embuh apa sing ana ning pikirane.
Ibune sumedhot nalika
ngerti omongane Sigit. Jebul, Mawar wis banget sengite karo dheweke. Ayu banjur
metu liwat lawang mburi. Dheweke pingin lunga, kareben anake bisa seneng tanpa
kudu nutup-nutupi kahanane dheweke.
Sikile lumaku terus,
netrane ngetokake luh, lon-lonan dheweke mlaku sansaya ngadohi omahe. Sanajan
ora ngerti tujuwane.
Mawar sesenggukan
dhewe ing kamare. Sigit wis mutasake sesambungane.
“ Iki kabeh gara-gara
Ibu! “ dheweke nggoleki Ibune, arep diseneni.
“ Bu! Bu! “ Mawar
bengak-bengok nanging ora nemokake Ayu. Sing ditemokake mung asah-asahan sing
durung rampung lan lawang butulan sing dibukak. Mawar nyedhaki lawang.
“ Sukur nek wong kae
lunga! Muga-muga ora bali! “
Dumadakan ana swara
sandhal sing diseret nuju pawon.
“ Kok sepi ta? Ibu
endi? “
“ Minggat! “ kandhane
Mawar sinis sinambi mlaku mlebu.
Bapakne kaget, banjur
nglongok lawang butulan.
Bapak mlayu. Nututi
Ibu sing muga-muga durung adoh olehe mlaku. Nanging ora nemokake bojone.
“ Mawar! Kowe ngapa
maneh? Kok Ibumu nganti minggat?! “
“ Ora ngapa-ngapa! “
Mawar katon ora perduli.
“ Masya Allah Mawar!
Kebangetan kowe! Kowe kudu ngerti yen Ibumu wuta gara-gara kowe! “ Mawar banjur
madhep nggon Bapake.
Bapak crita rahasia
sing saklawase iki disimpen kanthi primpen amarga tresnane Ibune marang Mawar.
Nalika Ibune sing wis selamat, kudu mlebu maneh menyang montor sing wis meh
njebluk mung amarga anake sing isih bayi kejepit ing kana. Nanging emane,
dheweke telat anggone nyingkir dadi dheweke kena jeblukane montor. Kaca sing
pating pencolot ngenani netrane lan dheweke dadi wuta. Nanging bayi ing
pangkuane dikekep kenceng, saengga bayi iku ora kenapa-napa.
Mawar sumedhot. Jebul,
rasa tresnane Ibune iku ora winates. Dheweke kelingan kabeh tumindak alane
marang Ibune. Nalika dheweke isin duwe Ibu sing cacat nganti ngomong yen Ibune
wis seda. Luhe tumetes, atine kuduwung banget.
“ Pak, ayo nggoleki
Ibu. Aku pengen sujud ning samparane. Aku anak kurang ajar! “ dheweke mlayu
metu nggolek Ibune.
Nalika akhire nemokake
Ibune lungguh ing sabrang, kaya ngapa sumedhote atine.
“ IBUUU! “ Mawar
mbengok ngundang Ibune. Ayu nggoleki sumbering swara lumantar pangrasane.
Mawar mlayu nyedhaki
Ibune. Nanging, ora sadhar yen ana montor banter saka wetan.
BRUK.....
Montor kuwi ngantem
awake Mawar. Bapake sing mlayu ning mburine katon kaget. Dheweke mlayu nyedhaki
Mawar sing wis adus getih. Ibune sing krungu ana tabrakan ing ngarepe uga mlayu
nyedhaki.
“ Mawar! “ Ibune
nggoleki jasade Mawar banjur diruket. Ayu ngrasakake darah sing mili maring
tangane.
“ Masya Allah Nok! “
“ Bu, ngapuranen...
Ma.... war! Mawar.... kurang aja karo.... Ibu! “ kandhane Mawar karo nahan rasa
larane.
“ Iya Nok! Wis
dakapura! Ora apa-apa! “ kandhane karo sesenggukan.Bapake Mawar banjur sibuk
golek pitulungan.
“ Bapak, yen... aku
ora slamet! Tulung wenehna.... mripatku
kanggo Ibu! “
“ Ora Nok! Kowe mesthi
slamet! “
Sakwise kandha
pesenne. Mawar banjur ora ambegan. Rupane pucet, luhe nyampur karo getih.
Tangane sing maune nyekel tangane Ibune banjur ucul.
CUTHEL
Tidak ada komentar:
Posting Komentar