Jumat, 11 Juli 2014

GUNUNGAN

             Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang kados gunung. Wonten ngandhapipun ketingal gambar gerbang ingkang dipunjagi kaliyan kalih raseksa ingkang ngasta pedhang lan perisai. Menika ngumpamakaken gerbang kraton lan nalika wayang labuh menika dipunginakaken minangka kraton. Wonten nginggilipun wonten satunggaling wit kayu ingkang dipunlilit dening ula ageng.  Wonten malih ing ngriku kathah gambar kewan wana, sedaya menika nggambaraken kahanan wonten ing lebet wana.
              Miturut sejarahipun, gunungan nglambangaken donya lan isinipun. Saderengipun wayang dipunlampahaken dening dalang, gunungan dipuntancepaken wonten satengahing kelir radi manengen, ingkang tegesipun inggih menika lampahan wayang dereng dipunwiwiti. Sasampunipun lampahan wayang dipunwiwiti, gunungan dipuncabut lan dipunpapanaken wonten ing sisih tengen.
          Gunungan ugi dipuginakaken minangka pratandha gantinipun cariyos. Kajawi menika ugi dipunginakaken kangge ngumpamakaken geni lan angin nalika gunungan dipunwolak-walik. Suwalikipun gunungan nggadhahi werni abrit, menika ingkang dipunumpamakaken geni lan werni menika namung saged dipupirsani saking ngajeng kelir.
            
  Gunungan ugi dipunginakaken kangge ngumpamakaken rimba lan dipulampahaken nalika adegan perang. Wonten ing adegan menika, dalang ngendikaken sedaya lakon wonten dialog prajurit.

         Wonten ing pungkasaning lakon, gunungan dipuntancepaken malih wonteng tengahing kelir minangka pratandha bilih cariyos sampun paripurna. Gunungan menika mratandhakaken gonta-gantinipun babak. Sasampunipun dipunpasang wonten tengah, dalang lajeng ngendikaken lakon ingkang nembe kemawon lumampah. Dene para penonton saged ngayal kedadean-kedadean wonten ing lebeting cariyos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar