Srengenge sing madeg
gagah ing tawang, nggawe kringete sansaya gobyos. Bocah wadon cilik dekil gawa
kecrekan ing pinggir dalan, katon lagi mlaku gedandapan. Ngoyak recehan-recehan
saka para sopir sedan. Lampu wis malih abang. Dheweke langsung mlaku manengah.
‘sewu kutha... uwis
tak liwati....sewu ati tak takoni....’
Mangkono bocah wadon iku nyanyi. Sakanane. Recehan satus, limang atus,
nganti ewonan nglumpuk ning tangane sing kasar. Ora lali tembung matur nuwun
tansah metu saka lambene. Sanajan ragane bocah wadon cilik nanging batine wis
nandhang pacoban sing ora gampang.
Lampu wis malih ijo.
Bocah kuwi mlayu maneh menyang lampu abang liyane. Nyanyi maneh. Kringete
dleweran nanging mung dilap nganggo tangane. Tisu kanggo bocah iku kalebu kabutuwan
sing ora penting. Tinimbang nggo tuku tisu, luwih becik dhuwite kanggo mangan.
Gaweyan kaya kuwi
dilakoni saben dina. Wiwit jam pitu esuk tekan jam lima sore. Kabeh dilakoni
tanpa sesambatan. Wis wiwit cilik bocah iku dikenalke karo dalan sepur sing
atos.
“ Sri! “ bocah kuwi
mengo memburi lan meruhi kancane mlayu tumuju ing panggonane. Dheweke mandheg
sedhela, karo pecicilan ndelokake kiwa tengene.
“ Hah..hah..hah..kowe
ki digoleki angel hah..hah..tenan! “ bocah lanang sepantaran dheweke kandha
kaya mangkono karo ngos-ngosan.
“ Ngapa nggoleki aku?
“
“ Kowe mau dikongkon
ngadhep Bos Jupri! Mesthi kowe urik maneh ta? “
“ Wis ta! Aja sok golek perkara karo wong kae! “
“ Mung limang ewu nggo
tuku obat Simbok! Kae galo Simbok gek mumet! “
“ Nek butuh dhuwit,
kandhaa karo aku! Ora sah nguriki setoran! “
“ Alah, kaya kowe duwe
dhuwit wae! Wong padha-padha wong kere kok! “
“ Aku duwe celengan!
Daksinggahake ana panggonan sing primpen. Aku ki sok nyinggahake dhuwit, ra
kaya kowe! Weteng wae mbok urusi! “
“ Lho lho lho! Ra
mangan rak ya mati ta! “
“ Mbuh lah! Pegel aku
omong karo kowe! “
Bocah lanang kuwi
banjur mlaku ngadohi kanca rakete.
“ Jo, arep nyang
ngendi kok kesusu? “ bocah sing diparabi Jo kuwi ora semaur, mung lambeyan.
Dene Sri mlaku manengah maneh. Nyambut gawe.
*****
Ing sapinggiring kali,
ing tengahing rel sepur ana kerdus-kerdus sing ditata mirib karo omah.
Sakbenere iku dudu omah, nanging ana pirang-pirang kaluwarga nunut ngeyub ing
kana. Kalebu bocah loro mau sakaluwargane.
“ Kurang ajar! Sapa
sing ngobrak-abrik omahku? “ Sri misuh-misuh nalika meruhi kahanan omahe sing
wis amburadul. Kerdus-kerdus sing wis ditata saiki pating slemprah tekan
ngendi-endi. Dheweke langsung nggoleki Simboke.
“ Mbok! Mbok! “ Sri
nyedhaki omahe lan nggoleki Simboke nanging ora ana sapa-sapa ing kana. Mung
ana bekas omahe sing wis ajur mumur.
“ Jupri!! Awas kowe! “
Sri wis ngerti kudu
maring ngendi anggone njaluk pertanggung jawaban. Sri mlayu tumuju pasar kanggo
nemoni bose. Raine wis abang ireng nahan rasa nesune. Tangane ngepel, siyap
kanggo ngantem wong sing dipestheni wis ngobrak-abrik omahe.
“ Heh! Kurang ajar
kowe Jupri! Ning ngendi Simbokku? “ Sri wis siyap ngantemi Jupri nanging anak
buahe sing nangkis.
“ Wani-wanine kowe karo bos Jupri! Wis ora
betah urip, hah?! “
“ Aku ora wedi karo
wong sarak kaya bosmu kae!Mbok dhelikake ning ngendi Simbokku? “ Sri tetep
berontak pengen ngantemi Jupri.
“ Heh, bocah wingi
sore! Wis ora doyan sega kowe?! “
“ Mbok kira kowe
ampuh? Bisane mung prentah ora wani maju dhewe! “
“ Weh, kurang ajar
kowe! “ anak buahe Jupri wis siap ngantemi nanging Sri banjur diplayokake
dening Jo. Sri karo Jo oyak-oyakan karo anak buahe Jupri. Tangane Jo ora ucul
nyekel tangane Sri, kenceng. Kekarone ndhelik ing mburi drim minyak ing pasar.
Anak buahe Jupri celingukan, nanging ora sadhar yen kekarone ana ing mburine
drim. Sakwise anak buahe Jupri ngadoh, bocah keloron kuwi banjur metu saka
mburi drim.
“ Kapok kowe! “ Jo
nyentak. Sri mung meneng bae, isih pecuca-pecucu. Jo nerocos nyeneni Sri. Sing
diseneni ora semaur. Embuh apa sing ana ing njero ati lan pikirane. Kekarone
banjur mlaku tumuju dalan sepur sing dadi latar omahe.
Sri nembe kelingan yen
dheweke durung ketemu Simbok. Dheweke banjur gedandapan nggoleki Simbok.
“ Eh iya, Simbok Jo!
Ayo aku kancani nggoleki Simbok! “
“ Ora ning ngomah? “
“ Lha omahku
diobrak-abrik karo Jupri edan kae! “
Sri mlayu tumuju dalan
sepur. Jo mlayu ning mburine njagani kancane. Kabeh omahe tanggane ditakoni
nanging ora ana sing ngerti ning ngendi Simboke. Sri bingung, kudu nggoleki
Simboke menyang ngendi. Sri mlayu maneh. Embuh panggonan ngendi sing bakal
dituju.
“ Mbok! Simbok! “ Sri terus-terusan bengak-bengok nanging ora
ana swarane Simboke. Dheweke banjur mandheg ing pinggir jembatan.
“ Jo, Simbok ning
ngendi? “ bocah sing atos kaya Sri dumadakan netesake waspa. Jo ngrangkul
mitrane, karo mikir anggone arep ngrewangi mitrane. Dumadakan ana swara pating
bengok saka rel sepur panggonane Sri lan Jo.
“ SEPUR ... SEPUR ...
SEPUR ..! “
Jo banjur mlayu tumuju
pinggir dalan sepur, sebab ing kana ana kaluwargane. Sri nututi ana mburine.
Isih karo bingung mikirake Simbokke. Klackson sepur wis keprungu.
“ Sri! “ Sri kaya
krungu yen jenenge diundang. Dheweke nggoleki saka ngendi sajake suara kuwi.
“ Sri! “ suarane katon
lemes.
“ Eladalah, Mbok!
Simbok! “ Simboke nglumpruk ing satengahing bekas-bekas rubuhan kerdus. Dene
Jupri saanak buahe katon cengengesan ing pinggiring rel. Sepur sansaya nyedhak. Sri wis bingung,
banjur dheweke nekat maju ing tengahing dalan sepur kanggo nulungi Simbok.
Nanging, dipenging karo Jo.
“ SRI AJAAA! “
“ Simbokku Jo!
Simbokku! Minggir kowe! “
“ Aja Sri bahaya! “
“ Ah, awas Jo! Aku wis
ora duwe sapa-sapa maneh! “ Sri nekat mlayu nanging banjur dioyak dening Jo.
“ Wis kowe ning kene
wae! “ Jo banjur mlayu, niate arep nulungi Simboke Sri.
“ Ngati-ati Jo! “
DEEEERRRR!
Jo telat anggone
nyingkir. Banjur keprungu swara jeritane Jo lan Simbok. Sri mbejejer ing
pinggiring dalan sepur. Dumadakan sirahe krasa mumet, tangan lan sikile adhem
kabeh. Embuh apa maneh sing ana ing atine. Ora let sue dheweke ambruk. Luhe
tumetes, nelesi pipine sing saya suwe saya dekil.
CUTHEL
Tidak ada komentar:
Posting Komentar