Senin, 14 November 2022
Sabtu, 21 Maret 2020
BELAJAR DARI RUMAH BAHASA JAWA KELAS XI (MINGGU KE-2)
Assalammu’alaikum.wr.wb
Sugeng Enjing Cah,
Dina iki Bu
Tyas arep nerusake pasionaon crita rakyat ya. Crita rakyat iku salah crita sing
ngrembaka ing salah sawijining papan panggonan. Nha coba sebutake crita rakyat
sing ngrembaka ing Wonosobo? Iya ana Legendha Kawah Si Kidang, Legendha Candhi
Dieng, Rambut Gembel, lsp. Crita rakyat iku kalebu crita fiksi ya Cah dadi iku
dudu crita kang nyata. Crita rakyat iku jaman biyen biasa dinggo panglipur
bocah-bocah cilik. Seje karo jamanmu saiki sing akeh panglipur kaya game, tv,
lsp, jaman dhisik panglipure ya salah sijine lumantar crita. Crita rakyat iki
ora mung crita. Awake dhewe ora reti sapa sing ngarang crita rakyat iki utawa
bisa disebut anonim. Nanging akeh pitutur luhur kang bisa dijupuk
saka crita rakyat kasebut. Kaya crita rakyat Dumadine Rawa Pening sing wis mbok
tonton wingi. Iya kabeh wis bener yen crita iki kawentar ing tlatah Kabupaten
Semarang. Nyritakake bocah bajang aran Baru Klinthing kang disiya-siya dening
para warga desa. Nanging, ana salah siji kang becik budine iya Mbok Randha kang
nulungi Baru Klinthing nalika dheweke ngelih lan butuh mangan.
Nha
bocah-bocah, saka crita kasebut pitutur apa kang bisa dijupuk? Iya dadi awake
dhewe minangka manungsa iku kudu duwe rasa tepa slira lan seneng tetulung.
Manungsa iku ora bisa urip dhewe, mesthi bakal
butuh karo manungsa liyane. Mula aja ngandhapake wong liya. Kabeh
manungsa duwe hak padha kanggo urip. Kaya warga Desa Banarawa kang umuk kae, ya
mesthi wong sing sombong lan srakah iku bakal ngundhuh kacilakan. Kabeh wis
dadi hukume Gusti Allah sing nandur ya ngundhuh, sing nandur becik ngundhuh
becik sing nandur ala ya ngundhuh ala. Warga Desa Banarawa kena banjir gedhe
lan ora ana kang bisa slamet ya awit siya-siya karo wong cilik lan ora gelem
nulungi wong kang lagi nadhang susah kepara malah diece. Ana sing slamet ing
panandhang gedhe kasebut, ora liya ya Mbok Randha kang ikhlas nulungi Baru
Klinthing lan menehi sandhang pangan marang Baru Klinthing. Mbok Randha bisa numpak lesung lan alune dadi
gayunge. Kabeh iku amarga luhuring budine Mbok Randha.
Semana
uga kowe kabeh Cah. Urip iki kadya cakra manggilingan kang tansah mubeng. Kabeh
manungsa bakal ngrasakake seneng lan susah. Nalika lagi seneng lan duwe daya
kanggo nulungi wong liya ya awake dhewe kudu ikhlas nulungi. Mengko yen lagi
susah ya mesthi bakal ana sing nulungi. Elinga urip iku ora salawase seneng
utawa salawase susah. Kabeh seimbang, gari kepiye awake dhewe anggone milih
dalan, apa arep dadi manungsa kang becik supaya ngundhuh kabecikan utawa dadi
wong sakarepe dhewe kang pungkasane ya bakal cilaka.
Mula
awit Bu Tyas ora kepengin anak-anakku padha cilaka, pasinaon iki fokus karo
pitutur luhure Cah. Supaya apa? Ora liya supaya Bu Tyas ing nembe mburi bakal
nyekseni kasuksesanmu kang berkah, kabagyanmu kang sejati, lan weruh kowe kabeh
dadi manungsa kang duweni akhlakul karimah, tata krama lan sopan santun. Nha
iku kang dadi tujuan pasinaon iki. Supaya pitutur-pitutur luhur saka crita
rakyat kang wis kok tonton iki bisa koktrapke ing uripmu padinan. Eits nanging
aja banjur tulung tinulung ing prakara ala. Kayata nyonto/ngepek, iku jenenge
ora nulungi kancane nanging malah mateni pikirane kancane, gawe kancane dadi
kesed, yen wis ngono kancamu ora bisa pinter iku uga ana salahmu ing kono. Mula,
ayo padha tetulung ing bab kabecikan. Supaya urip iki berkah lan tansah entuk
pituduh saka Gusti Allah. Siji maneh, aja mbeda-bedakake kanca. Kanca sing sugih,
kanca sing mlarat, kanca sing pinter, kanca sing kulite ireng, kulite putih,
ayu, elek, bagus, kabeh kancamu, kabeh wajib dirangkul, supaya ayem tentrem
kerta raharja gemah ripah loh jinawi.
Cah,
semono dhisik pasinaon dina iki. Dadiya manungsa kang pinilih budine, budi kang
becik, tata krama kang apik bakal nggawa kowe dadi manungsa pinunjul. Sawise
iki coba kowe golek crita rakyat kang ngrembaka ing dhaerahmu, banjur critakna
nganggo basa krama. Divideo ya! Lan video rekamanmu kuwi dikirim ing kene :
Join group
whatsapp iki lan kirimen rekamanmu ing group iki ya Cah!
Tugase digarap
siji mbaka siji supaya ora kakehan lan numpuk-numpuk. Sing sregep bakal mulya
sing kesed ndang tobata! J
Maturnuwun
Tak
tunggu ya Cah. Sugeng Sinau!
Wassalammu’alaikum.wr.wb
BELAJAR DARI RUMAH BAHASA JAWA KELAS X (MINGGU KE-2)
Assalammu’alaikum.wr.wb
Sugeng Enjing bocah-bocah,
Dina iki Bu Tyas arep
nerusake pasinaon minggu wingi. Isih bab crita wayang ya. Kabeh wis nonton
video crita wayang Bima Bungkus ya? Nha, bener Bima Bungkus iku kalebu salah
siji crita mahabharata. Bima Bungkus nyritakake laire salah siji putra Pandhawa
yaiku Bima utawa Bratasena utawa Werkudara. Werkudara iku Pandhawa sing nomer
pira? Ya, nomer loro. Wateke kendel lan trengginas. Satriya Pandhawa iki sing
paling wasis yen nglawan mungsuh uga tansah maju ngarep dhewe yen ana sing
nganggu ibune utawa sedulure. Ibune Bima asmane sapa? Iya, Dewi Kunthi. Kakange
kang pambayun aran Puntadewa ya Yudhistira dene adhine yaiku Janaka, Nakula lan
Sadewa.
Sawise kowe kabeh
mangsuli pitakonan saka Bu Tyas wingi mesthi wae kowe padha wis bisa nggoleki
pitutur saka lakon Bima Bungkus kasebut. Bu Tyas fokus karo pituture ya, awit
ngapa? Awit tujuan pasinaon Basa Jawa yen Bu Tyas mung prasaja wae. Supaya kowe
kabeh bisa duwe pitutur luhur utawa akhlakul karimah. Bima Bungkus iki
nggambarake satriya kang laire ora memper kaya manungsa liyane. Bima lair
awujud bungkus, ora ana kang bisa mecah bungkuse. Nanging, Permadi utawa Janaka
ikhtiar kanggo golek cara supaya kangmase bisa metu saka bungkusan. Awit kabeh
kulawarga padha mempeng anggone ngupaya lan donga, mula Bathara Guru ngutus Gajah Sena kanggo mecah bungkusan kuwi
lan ngutus Dewi Umayi kanggo menehi sandhangan marang si jabang bayi utawa
Bima. Iku tegese apa ta Cah? Dadi awit kasabaran lan upaya kang temenan manungsa
bakal kasil. Elinga upaya kasebut yaiku upaya kang lumantar dalan kang bener.
Kaya kowe misale kepengin entuk biji satus kudu ngupaya kanthi dalan sing bener
yaiku sinau lan aja lali donga. Sinau iku tuladha dalan kang bener kanggo
nggayuh kekarepanmu dene nyonto utawa ngepek kuwi dalan sing kleru.
Bali maneh marang
crita Bima Bungkus. Ing kana dicritakake yen Bima ing njero bungkus salawase 8
taun. Nha iku tegese Bima lagi prihatin, kuwat ngadhepi kabeh kersaning Gusti
Allah. Bima sanajan ing njero bungkus nanging ora mati malah metu bisa sekti.
Semana uga kowe Cah, urip iki ora gampang akeh pacoban maneka warna kang kudune
bisa gawe kowe dadi luwih kuwat luwih pinter lan luwih temuwa. Mula kowe kudu
tansah husnudzan marang Gusti Allah kabeh pacoban uripmu kuwi mesthi mengko
bakal gawe kowe luwih mulya yen kowe tansah sabar lan ora gampang nglokro uga
tekun nggayuh kekarepanmu. Kosok baline, yen kowe ngadhepi pacoban karo
mbesengut, ora trima lan suudzan marang Gusti Allah mesthi wae uripmu malah dadi
ra karuwan lan kowe bakal jupuk dalan sing salah mau.
Nha saka Bima Bungkus
mau uga Bima kasil diparingi sandhangan marang Dewi Umayi, iku ora liya amarga
Bima iku satriya pinilih awit wis kasil nampa kabeh pacobaning Gusti kanthi
sabar. Kowe ya ngono Cah, urip iki kudu urup aja mung dadi manungsa biasa ing
ngarsaning Gusti Allah. Dadiya kawulaning Gusti Allah kang pinilih. Carane
piye? Iya ora liya kanggo cara amar makruf nahi munkar. Dadiya siswa kang
pinilih awit prestasimu, dadiya bocah kang pinilih awit bektimu, dadiya kawula
kang pinilih awit iman lan takwamu, dadiya manungsa pinilih awit dedikasimu. :J
Jane isih akeh lakon
crita Mahabharata kayata Karna Tandhing, Pandhawa Dhadhu, Dewaruci, lsp.
Nanging iku bisa dirembug mengko ing patemon sabanjure ya.
Nha saiki coba goleka lakon crita wayang MAHABAHARATA liyane : (pilihen salah siji)
- Karna
Tandhing
- Dewa
Ruci
- Gathotkaca Gugur Critakna nganggo basamu dhewe ya. Nganggo dhialek Wanasaba ya ora papa kok nanging basa krama luwih apik. Divideo ya terus video rekamanmu kuwi kirimen mrene :
join group whatsapp iki ya terus kumpulke ing
kene. Maturnuwun
Oke tak tunggu ya Cah. Sugeng Sinau J
Wassalammu’alaikum.wr.wb
Senin, 16 Maret 2020
CRITA RAKYAT
sumber video : skripsi TITIS SAMBODO (PBSJ UNNES)
(dilarang mengcopy tanpa ijin)
Semaken video crita rakyat RAWA PENING iki!
CRITA WAYANG MAHABHARATA
sumber video : skripsi SETYANI PBSJ UNNES
(dilarang mengcopy tanpa ijin)
Semaken video crita wayang BIMA BUNGKUS iki!
Jumat, 11 Juli 2014
LAKON: KUMBAKARNA GUGUR
Cerita dimulai ketika Prabu Dasamuka
benar-benar marah dan frustasi, karena sepanjang Perang Brubuh Alengka, tak
sekalipun dia memperoleh kemenangan.
Hampir separo kekuatan Alengka telah tewas di medan pertempuran. Tak kurang dari Jambu Mangli, Katakiya,
Janggisrana, Wirakampana dan raksasa sakti lainnya telah tewas. Bahkan Patih Prahasta juga telah tewas ditangan
Anila. Kesedihan Dasamuka memuncak
ketika teringat bahwa Sarpakenaka yang kesaktiannya tiada tara juga telah mati.
Kekalahan
demi kekalahan yang menimpa Dasamuka ditimpakan pada sosok Gunawan Kurda
Wibisana. Dimata Dasamuka, dialah sumber
malapetaka karena telah bergabung dengan Prabu Rama. Gunawan Wibisana dianggap telah membocorkan
rahasia kekuatan Alengka. Dasamuka
berniat untuk berangkat sendiri memimpin pertempuran melawan Prabu Rama.
Hal ini dihentikan oleh putra-putra
Rahwana yang lain yaitu : Trisirah, Trikaya, Trinetra, Trimurda, Dewantaka dan
Narantaka. Mereka bertekad untuk meju ke medan laga demi menjaga wibawa Prabu
Dasamuka. Maka jadilah mereka berlima
diangkat menjadi Senapati Alengka untuk menumpas Rama dan prajurit keranya.
LEGENDA GUNUNG TUGEL
Membicarakan masalah
legenda dari Gunung Tugel, maka tak akan lepas dari sosok Kyai yang berbudi
luhur. Kyai Singoprono. Beliau adalah putra dari Brawijaya V dari Kerajaan
Majapahit dan masih setingkat dengan Jaka Tingkir. Beliau memiliki seorang
istri bernama Nyai Tasik Wulan. Menurut juru kunci setempat Kyai Singoprono
awalnya adalah seorang pedagang. Ia
berdagang dengan jujur dan sering menolong para pelanggannya. Maka, banyak
orang yang berduyun-duyun membeli dagangannya. Selain dikenal sebagai seorang
pedagang, Kyai Singoprono juga merupakan seorang petani yang kerap membagi
hasil panennya kepada masyarakat sekitar yang membutuhkan. Kebaikan dan
keluhurannya itulah yang terkadang membuat iri dan dengki orang lain.
PRABU RAMAWIJAYA
Ramawijaya
yaiku putra Prabu Dasarata lan Dewi Ragu utawa Dewi Kosalya lan ugo titisane
Batara Wisnu. Nama lainnya adalah Ramaregha, Ramacandra, Ramabdra.
Ramawijaya
atau Ramaregawa adalah putra Prabu Dasarata dan Dewi Ragu atau Dewi Kosalya dan
juga merupakan titisan dari Batara Wisnu yang berasal dari Negara Astina namun
merupakan ksatria dari Pancawati. Rama merupakan suami Dewi Shinta yang dinikahinya melalui
sayembara di Negeri asal Shinta, Negeri Manthili.
Rama
adalah putra Mahkota yang akan diangkat sebagai Raja Astina oleh Ayahnya, Prabu
Dasarata. Namun Dewi Kekaeyi menagih janji Prabu Dasarata yang dulu sempat
berjanji akan mengangkat putranya yang bernama Barata menjadi raja.
Ramapun
mengalah dan tidak menjadi raja, justru dia dibuang di Hutan Dhandaka bersama
Lesmana dan Shinta. Tak lama setelah itu, Prabu Dasarata meninggal dan Batara mencari dan meminta Rama agar pulang ke
keraton dan menjadi raja. Rama tak bersedia menjadi Raja, Barata diberitahu
agar pulang serta diberi terompah dan nasihat Asthabrata.
Dia memiliki banyak kawan
bangsa wanara,sebab ia pernah membantu
salah satu Raja Kera membalaskan dendam pada saudaranya yang merebut istrinya. Itulah
yang menyebabkan Anoman diutus untuk mengambil Shinta yang diculik Rahwana
dalam lakon Anoman Dhuta.PRABU KRESNA
Sesudah menjadi Raja Narayana
bernama Prabu Harimurti dan Padmanaba karena ia adalah titisan Begawan
Padmanaba. Bernama juga Prabu Dwarawati, oleh karena ia menjadi Raja Dwarawati.
Akhirnya bernama pula Kresna, berhubungan dengan kulitnya yang hitam dan
disamping itu masih terdapat nama-nama lainnya.
Ia dapat bertahta di Dwarawati
karena berhasil mengalahkan seorang raja raseksa bernama Prabu Kunjana Kresna
dari negara Dwarawati dan nama Kresna itu dipakainya juga sendiri dan jadilah
ia Prabu Kresna.
Prabu Kressna adalah pengasuh atau
disebut juga dalang Pandawa, yakni seorang
yang menjalankan siasat kenegaraan, peperangan, dll. Prabu Kresna
memiliki senjata bernama Cakra. Sebuah senjata yang hanya bisa dikuasai oleh
titisan Dewa Wisnu. Prabu Kresna juga memiliki jimat kembang Wijayakusuma untuk
menghidupkan kembali seseorang yang mati selagi belum takdir baginya untuk
mati.
RESI BISMA
Resi
Bisma adalah nama Dewabrata setelah menjadi pendeta. Dalam perang Bharatayuda
ia memihak Astina, diangkat sebagai panglima dan berhadapan dengan Dewi
Srikandhi, putri Cempa-lareja dan pahlawan Pandhawa. Putri inilah yang menjadi
lawan Bisma dalam perang Bharatayuda. Maka tewaslah Resi Bisma terkena anak
panah putri tersebut, sebagaimana diramalkan oleh Dewi Ambika sebelum ia mati.
Resi
Bisma bermata kendondongan, berhidung dan bermulut setnbada, serba lengkap,
berkumis dan berjenggot, berkumis dan berjenggot, bersongkok dan berjamang
dengan garuda membelakang, berbaju, berselendang, dan bersepatu yang semuanya
menandakan, bahwa ia seorang pendheta, tanganya yang bergerak hanya di depan.
Tampak pada wajahnya, bahwa pendeta ini pemarah.
Sifat-sifat
pemberani dan pemarah wayang dapat ditilik tidak hanya dari wajahnya, melainkan
juga dari cat mukanya. Cat muka merah jambu menandakan ia pemarah.
SKENARIO PEMBELAJARAN QUANTUM
Skenario
Pembelajaran
Sekolah : SMP
Kelas/Semester : VII/II
I.
Standar
Kompetensi
MEMBACA
Mampu
membaca bacaan sastra, nonsastra dalam berbagai teknik membaca, dan bacaan
berhuruf jawa.
II.
Kompetensi
Dasar
Membaca
pemahaman bacaan sastra (cerita kethoprak) atau bacaan dengan tema tertentu.
III.
Indikator
1. Mampu menemukan tokoh dan watak
dalam cerita rakyat.
2. Mampu menemukan amanat yang
terkandung dalam cerita rakyat.
3. Mampu menceritakan kembali cerita
rakyat sesuai dengan paragraf.
SERAT WULANG SUNU
Karya
: PakuBuwono IV
Pupuh
I
a.
Wulang sunu kang kinarya gendhing, kang pinurwa tataning ngawula, suwita ing
wong tuwane, poma padha mituhu, ing pitutur kang muni tulis, sapa kang tan
nuruta saujareng tutur, tan urung kasurang-surang, donya ngakir tan urung
manggih billahi, tembe matine nraka.
b. Mapan
sira mangke anglampahi, ing pitutur kang muni ing layang, pasti becik setemahe,
bekti mring rama ibu duk purwa sira udani, karya becik lan ala, saking rama
ibu, duk siro tasih jajabang, ibu iro kalangkung lara prihatin, rumeksa maring
siro.
c.
Nora eco dahar lawan ghuling, ibu niro rumekso ing siro, dahar sekul uyah bae,
tan ketang wejah luntur, nyakot bathok dipunlampahi, saben ri mring bengawan,
pilis singgul kalampahan, ibu niri rumekso duk siro alit, mulane den rumongso.
d.
Dhaharira mangke pahit getir, ibu niro rumekso ing sira, nora ketang turu
samben, tan ketang komah uyuh gupak tinjo dipun lampahi, lamun sira wawratana,
tinatur pinangku, cinowekan ibu nira, dipun dusi esok sore nganti resik, lamun
luwe dinulang
e.
Duk sira ngumur sangang waresi, pasti siro yen bisa rumangkang, ibumu momong
karsane, tan ketang gombal tepung, rumeksane duk sira alit, yen sira kirang
pangan nora ketang nubruk, mengko sira wus diwasa, nora ana pamalesira,
ngabekti tuhu sira niaya.
SULUK SUJINAH
Sifat
Perbuatan Lahiriyah Agampang janma sembayang, nora angel wong angaji, pakewuhe
wong agesang, angadu sukma lan jisim, salang surup urip, akeh wong bisa
celathu, sajatine tan wikan, lir wong dagang madu gendhis, iya iku wong
kandheng ahli sarengat.
Terjemahan
:
Adalah
mudah manusia sembahyang, tidaklah sesulit orang memuji, rintangan hidup adalah
mengadu sukma dan tubuh, salah paham kehidupan, banyak orang bisa bicara,
nyatanya tidak mengetahui, sperti orang berdagang madu gula, orang yang
terhenti sebagai ahli syariat.
Sang
Dyah kasmaran ing ngelmi, tan nyipta pinundhut garwa, amaguru ing batine,
kalangkung bekti ing priya.
Terjemahan
:
Si
cantik gemar belajar ilmu, tidak mengira akan diperistri, dalam hati ia berguru
dan sangat berbakti kepada suami.
Mung
tuwan panutan ulun, pangeran dunya ngakerat.
Terjemahan
:
Hanya
tuan yang kuanut, pujaan di dunia dan akhirat.
Ping
tiga ran bayuara, ya tapaning estri ingkang utami, lire bangkit nyaring tutur,
rembuge pawong sanak, tan ………, kang tinekadken ing driya, pituturing guru laki.
Terjemahan
:
Ketiga
disebut banyuara, yakni tapa istri utama, artinya mampu menyaring kata, tutur
kata sanak saudara, tidak mudah mematuhi dan meiru, dalam hati hanya bertekad
mematuhi nasehat suami.
RESENSI BUKU “ Kritik Esai Kesusastraan Jawa Modern “
Irah-irahan : Kritik Esai Kesusastraan Jawa Modern
Penganggit : Poer Adhie Prawoto
Penerbit : Angkasa
Kutha : Bandung
Warsa
Terbit : 1991
Kandel : 109
Poer
Adhie Prawoto rumaos prihatin kaliyan sastra jawi ingkang loyo, sampun mati
kedangon, lan burem. Panjenenganipun nyobi nyunting kritik esai kasusastran
jawi modern saking para kritikus sastra.
Susilomurti
ingkang miwiti ngritik babagan kahanan sastra jawi wonten jaman sakniki.
Susilomurti inggih punika kritikus sastra ingkang miyos wonten Surabaya nanging
ageng wonten Madiun. Panjenenganipun nate aktip wonten kempalan drama Arena
Madiun. Wonten Ngayogyakarta panjenenganipun ugi aktip wonten kempalan Sanggar
Bambu sareng kalihan pelukis Sunarto Pr. Nate ugi madegaken Kalawarti Basa Jawi
Kumandhang. Pungkasanipun panjeneganipun jumeneng dados redaktur Kalawarti
Sarinah. Wafat surya kaping 11 September 1986 nalika saweg rapat Ikatan Penulis
Keluarga Berencana (IPKB) wonten Denpasar.
RESENSI NOVEL “SAWISE LANGITE KATON BIRU”
Irah-rahan : Sawise Langite Katon Biru
Penganggit : Yunani S W
Penerbit : Azza Grafika
Papan
Terbit : Yogyakarta
Kaca
: vii+100 kaca
Cetakan : ke-1,
Februari 2013
ISBN : (13) 978-602-777-711-8
Dimensi
:
14.5 x 21 cm
Nrenyuhake. Mangkono rasaning batin nalika namatake novel anggitane Yunani iki. Alur
cerita sing dijlentrehake kanthi runtut lan gaya bahasa sing cerdas nanging ora ndakik kaya-kaya gawe
pamaca dadi salah sijining paraga ing carita iku. Yunani kanthi detail nyritakake saben setting sing bisa gawe imajinasine pamaca lelumban ing papan-papan kuwi.
Kaya-kaya papan kuwi pancen nyata. Kebon apel sing ngrembuyung ing mburi omahe
Eyang uga
dalan-dalan Batu sing nengsemake dadi background sing nambah
nyata tulisan-tulisane Yunani.
KAKAWIN RAMAYANA
Prabu
Dasaratha saka negara Ayodya kagungan putra papat : Rama, Bharata, Laksmana
saha Satrughna. Sawijining dina ana Resi aran Wiswamitra sing njaluk pambiyantu
marang Dasarata kanggo mbebasake pratapane saka para raseksa. Rama lan Laksmana
banjur budhal.
Ing pratapan kasebut, Rama lan Laksmana mateni
kabeh raseksa banjur nuju menyang negara Mithila amarga ing kana ana sayembara
kanggo nglamar salah sijining putri kang sulistya aran Dewi Shinta. Sayembara
kasebut yaiku menthang gendhewa sing mbiyen bareng karo laire Dewi Shinta.
Nanging ora ana siji-sijia ksatria sing bisa nglaksanakake syarat kasebut
kejaba Rama. Mila Rama kasil nggarwa Dewi Shinta lan Shinta kaboyong menyang
Ayodya. Ing Ayodya, Rama bakal kajumenengake nata nanging salah sijining ibu
tirine yaiku Kekeyi nagih janji menawa Barata sing bakal jumeneng nata. Sanajan
kanthi abot ing manah, Prabu Dasarata nyanggupi janji kasebut. Rama lan Shinta
dikantheni Laksmana lunga saka Kraton. Ora let suwe, Prabu Dasarata seda.
Barata banjur nggoleki Rama lan ngersakake Rama dadi raja amarga dheweke
rumangsa ora pantes dadi raja. Nanging Rama nampik lan malah menehake sandhale
marang adhine, Barata kaya dene kekuwasanae.
Langganan:
Postingan (Atom)



