Rabu, 09 Juli 2014

RUWATAN RAMBUT GEMBEL

  Rambut gembel alami hanya tumbuh di Desa Dieng dan sekitarnya. Desa saya juga tak luput dari fenomena unik itu. Dalam masyarakat Dieng dan sekitarnya, pencukuran rambut gembel tak boleh dilakukan secara sembarangan melainkan melalui sebuah upacara. Karena masyarakat percaya bahwa rambut gembel tumbuh bukan karena keturunan tapi ada mitos dibalik itu semuanya. Mitos masyarakat disana sangat beragam. Ada yang beranggapan bahwa anak yang memiliki rambut gembel merupakan keturunan Ratu Shinta Dewi, ada pula yang beranggapan bahwa anak yang berambut gembel merupakan keturunan Ki Kaladete, salah satu pendiri Wonosobo. Ada juga yang menganggap bahwa anak berambut gembel adalah keturunan Nyi Loro Kidul.
              
Prosesi Ruwatan Rambut Gembel
Ketika rambut gembel akan tumbuh, maka anak akan terserang demam tinggi. Setelah itu rambut akan kusut dan menyatu. Dan anak yang rambutnya gembel harus dicukur melalu sebuah ritual yaitu ruwatan rambut gembel.

Senin, 07 Juli 2014

KYAI KALADETE

Sendratari Titisan Kyai Kaladete
Kacarita sing mbaureksa Segara Kidul kang dumunung ing sisih kidul tanah Jawa. Ana sawijining wanita sulistya kang kebak subasita, prasaja, lan wibawa katelah Kanjeng Ratu Kidul. Asma iku disandhang panjenengane awit Kanjeng Ratu Kidul wis dipercaya dening Dewa kanggo mbaureksa Segara Kidul. Kanjeng Ratu Kidul yaiku salah sawijining panguwasa sing adhil lan wicaksana. Kraton Segara Kidul tansah ayem, tentrem, kreta raharja wiwit Kanjeng Ratu Kidul mandheg ing wewengkon kono. Para wargane banget anggone bekti lan njaluk pengayoman marang panjenengane, amarga panjenengane dhemen tetulung marang rakyate. Kabar misuwure panguwasa Segara Kidul kuwi uga krungu ing donyane manungsa. Dadi dudu mung bangsa jim, setan, dhemit, lan sapanunggalane sing njaluk pangayomane, bangsa manungsa sing srakah lan culika uga tansah njaluk pangayoman lan pesugihane.

SAPTA ARGA ING DIENG

Kacarita ing negri Astina, jumeneng sawijining Nata sing adhil lan wicaksana katelah Prabu Santanu. Panjenengane nganakake upacara sesaji Raja Suya kaping satus lan sesaji Acwamedha kaping sewu supaya Kraton Astina tansah gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja tanpa durjana. Sesaji kasebut katujokake marang Dewa. Mila, Raja Gung Binathara Santanu sowan ing kahyangan panggonane Dewa-Dewi.
            “ Kula ingkang sowan! “
            “ Oh Santanu daktampa bektimu. “
Santanu banjur ngaturake sesaji marang para Dewa dikantheni para Dewi ing Kahyangan. Nalika Santanu lagi ngaturake sesaji, dumadakan jarike Dewi Gangga kasingkap. Kabeh sing rawuh ana ing kana ndhingkluk manungku pujabrata, tan kumawani namatake pupune Dewi Gangga ing suwalike jarik sing kasingkap iku. Seje karo Prabu Santanu sing katon ndhilek namatake Dewi Gangga kesengsem. Kadadeyan iku gawe wirange Dewi Gangga lan dukane Bathara Brahma. Banjur panjenengane ngesotake Prabu Santanu lan Dewi Gangga mudhun tumuju Madyapada utawa bumi.
            “ Santanu, dene sira tansah kumawani mirsani apa kang kudune ora mbokpirsani? Kaya ngono kuwi ora pantes tumrap para satriya. Wis muntap dukaku, mila sira bakal daksotake. Sira ora bakal bisa munggah maring Kahyangan! “
           

Makna Sinkretis Padusan sebagai Ritual Malem Pasa Masyarakat Bantul, Yogyakarta

Masyarakat Bantul, Yogyakarta merupakan masyarakat tradisional yang menjunjung tinggi nilai-nilai tradisi. Berbagai bentuk tradisi seperti ritual maupun upacara-upacara adat masih lekat dalam kehidupan masyarakatnya. Sebab, masyarakat Bantul, Yogyakarta mempercayai mitos bahwa melanggar tradisi merupakan perbuatan yang ora elok. Sanksi terhadap pelanggaran nilai-nilai tradisi atau norma adat dapat berupa pengucilan atau harus melaksanakan syarat tertentu dalam rangka rehabilitasi diri.
Tradisi yang diyakini oleh masyarakat Bantul, Yogyakarta tidak dapat terlepas dari kepercayaan rakyat atau takhyul. Takhyul oleh orang berpendidikan Barat diartikan sebagai sesuatu yang pandir atau tidak berdasarkan logika sehingga tidak bisa dipertanggungjawabkan secara ilmiah. Faktanya, tradisi-tradisi pada masyarakat Bantul, Yogyakarta mengandung berbagai macam filosofi yang tidak dapat dinalar oleh logika manusia. “ Keselamatan “ adalah alasan utama yang mendasari segala macam filosofi pada sebagian besar tradisi atau ritual di Jawa khususnya pada masyarakat Bantul, Yogyakarta.

CERKAK: NETRA

Bocah wadon kuwi lungguh ing ngarep omahe sinambi maca buku. Wanita umur 50 taunan metu.
“ Mawar! “ kandhane kanthi swara khas keibuan.
“ Hih, Ibu ngapa metu barang! Kana mlebu! “ Mawar nyentak Ibune. Wanita tuwa iku banjur mlebu maneh. Tangane grayah-grayah nggoleki papan cekelan.
“ Mawar! “ bocah wadon loro dumadakan teka ing omahe. Mawar ndangak. Kaget weruh kanca-kancane ning kene.
“ Eh, Santi! Roro! “ mawar katon gugup banget.
“ Kok ngerti omahku saka ngendi? “
“ Ya takon-takon. Aku arep ana perlu banget karo kowe! “
Mawar tambah gugup nalika kancane nyedhak maring dheweke.
“ Adhuh, piye nek kancaku weruh Ibu? “ batine.
“ War, aku ora mbok kon mlebu apa? “ Mawar mung mringis. Dheweke banjur manggakake kancane mlebu. Dheweke clingukan. Wedi yen Ibune metu lan kanca-kancane bakal ngerti yen Ibune wuta.
“ Sapa War? “ kandhane Ibune karo metu saka pawon.
“ Kancaku! “ jawabe sinis sinambi mlaku marani Ibune. Tangane Ibune digeret kasar menyang mburi.

CERKAK: DALAN SEPUR

Srengenge sing madeg gagah ing tawang, nggawe kringete sansaya gobyos. Bocah wadon cilik dekil gawa kecrekan ing pinggir dalan, katon lagi mlaku gedandapan. Ngoyak recehan-recehan saka para sopir sedan. Lampu wis malih abang. Dheweke langsung mlaku manengah.
‘sewu kutha... uwis tak liwati....sewu ati tak takoni....’  Mangkono bocah wadon iku nyanyi. Sakanane. Recehan satus, limang atus, nganti ewonan nglumpuk ning tangane sing kasar. Ora lali tembung matur nuwun tansah metu saka lambene. Sanajan ragane bocah wadon cilik nanging batine wis nandhang pacoban sing ora gampang.
Lampu wis malih ijo. Bocah kuwi mlayu maneh menyang lampu abang liyane. Nyanyi maneh. Kringete dleweran nanging mung dilap nganggo tangane. Tisu kanggo bocah iku kalebu kabutuwan sing ora penting. Tinimbang nggo tuku tisu, luwih becik dhuwite kanggo mangan.
Gaweyan kaya kuwi dilakoni saben dina. Wiwit jam pitu esuk tekan jam lima sore. Kabeh dilakoni tanpa sesambatan. Wis wiwit cilik bocah iku dikenalke karo dalan sepur sing atos.
“ Sri! “ bocah kuwi mengo memburi lan meruhi kancane mlayu tumuju ing panggonane. Dheweke mandheg sedhela, karo pecicilan ndelokake kiwa tengene.
“ Hah..hah..hah..kowe ki digoleki angel hah..hah..tenan! “ bocah lanang sepantaran dheweke kandha kaya mangkono karo ngos-ngosan.
“ Ngapa nggoleki aku? “
“ Kowe mau dikongkon ngadhep Bos Jupri! Mesthi kowe urik maneh ta? “
“ Alah, mbelgedes! “